Berikut ini adalah pertanyaan dari roringjunior pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Ngapusi Lewat TelpunDuwe telpun pancen seneng jalaran bisa kirim kabar marang sedulur, kanca, lan kenalan kanthi cepet. Ananging saiki akeh wong sing ngapusi lantaran nganggo telpun. Sing bakal dakcritakake iku dakweruhi dhewe lan uga dialami dening adhiku lan aku dhewe Kadadean kapisan, nuju sawijining dina Pak Karno oleh telpun. Wong sing nelpun Pak Karno kandha yen Pak Karno oleh hadhiyah kuis mobil. Pak Karno mau dikon caw dhuwit kurang luwih sepuluh yuta, jarene kanggo mbayar pajek. Temenan fet pirang dina ana wong loro teka nggawa mobil. Wong loro mau saperlu methuk Pak Karno arep diajak menyang Semarang njupuk hadhiyah. Pak Karno malah diaturi nggawa sopir. Bareng tekan Semarang Pak Karno diajak jajan. Bubar jajan, wong sijine pamit arep tuku rokok. Wong mau suwe ora bali-bali. Wong sijine pamit arep nggoleki kancane sing tuku rokok mau. Mangka tase Pak Karno sing isi dhuwit sepuluh yuta mau uga digawa. Supaya percaya jakete wong mau ditinggal. Ditunggu nganti rong jam wong loro mau ora ball. Katiwasan, Pak Karno kelangan dhuwit sepuluh yuta. Ping pindho, adhiku entuk telpun saka Jakarta jarene menang hadhiyah rongatus seket yuta saka sawijining sayembara produk susu. Nalika semana dheweke dikon ngirim dhuwit rong yuta. Bareng dicek dening kangmasku sing ana Jakarta jebulane alamat kuwi ora ana. Tujune adhiku durung sida ngirim dhuwit. Ping telu, sawijining dina aku nampa telpun kaping lima jarene oleh kuis, Sawise prastawa iku rekening telpun omahku sing adate mung satus seket ewu rupiyah, dadi pitung atus ewu rupiyah. Dadine telpun omahku kapusan pulsa nematus ewu rupiyah. Embuh carane kepriye olehe nyolong pulsa ing omahku mau.

B. Golekana tembung liyane saka tembung-tembung ing ngisor iki! Sabanjure, gawea ukara migunakake tembung-tembung kasebut!
1. lantaran
2. cawis
3. temenan
4. katiwasan
5. sayembara
6. kapusan

C. Ringkesen wacan "Ngapusi Lewat Telpun" migunakake ukaramu dhewe!​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban:

vgtvtvtigvit tv fivvwitttf click tv

Penjelasan:

vttvttiit

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh tumbelfahri7 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Sun, 06 Nov 22