Pasar cilik, aku wurung melu rekreasi Pasar cilik iku tegese.

Berikut ini adalah pertanyaan dari wati916 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Pasar cilik, aku wurung melu rekreasi

Pasar cilik iku tegese. Dadi tembung.

​.

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Pasar cilik iku tegese Warung.

Dadi tembung Camboran

Penjelasan:

Tembung Camboran (kata majemuk), yaiku tembung loro (2) utawa luwih sing dirangkep dadi siji (1). Tegese Tembung Camboran keperang dadi loro (2), yaiku:

1. Tembung Camboran Wutuh (utuh):

yaiku tembung kang jenis asale saka gabungan 2 kata lan saben-sabene iseh utuh, tanpa dikurangi utawa ditugel junlah suku katane.

Contoh / tuladha:

1. meja tulis, lemari kaca, buku gambar, pager kayu, lsp.

2. Anjani Putra, Bima Putra, Pancasila, Wijaya Kusuma, lsp.

3. sanak kadang, japa mantra, candak kulak, edi peni, lsp.

4. dewa dewi, siswa siswi, yaksa, yaksi, putra putri, lsp.

5. lanang wadon, gedhe cilik, enom tuwa, mangkat mulih, lsp.

2. Tembung Camboran Wancah (tugel):

yaiku tembung 2 kata utawa luweh seng digabung dadi siji (1) karo ngurangi utawa memegal jumlah suku kata.

Contoh / tuladha:

1. bangcuk: abang - pucuk.

2. bangjo : abang - ijo.

3. barbeh: bubar - kabeh.

4. barji: bubar - siji.

5. budhe: ibu - gedhe.

6. bulik: ibu - cilik.

7. dhegus: gedhe - bagus.

8. dhekmu: endhek - lemu.

9. dhekwur: endhek - dhuwur.

10. dhelik: gedhe - cilik.

11. dhemes: gedhe - lemes.

12. dubang: idu - abang.

13. gaji wakma: sega siji iwake lima.

14. guru: digugu - ditiru.

15. jilu: siji - telu.

16. jitus: siji - satus.

17. kadhe: jaka - gedhe.

18. kalik: jaka - cilik.

19. kotcuk: bongkot - pucuk.

20. kupluk: kaku - nyempluk.

21. kuping: kaku - njepiping.

22. kwelem: kweni - pelem.

23. legi: lemu - ginuk-ginuk.

24. lungkit: balung - kulit.

25. lupukji: telu tumpak siji.

26. nasgithel: panas legi kenthel.

27. paklik: bapak - cilik.

28. pakdhe: bapak gedhe.

29. pangpel: pang - sempel.

30. perko: emper - toko.

31. rengning: ireng - kuning.

32. ropukji: loro tumpuk siji.

33. saerah: sae - murah.

34. tahteng: mentah - mateng.

35. tekting: entek - glinting.

36. tingwe: nglinting - dhewe.

37. thukmis: batuk - klimis.

38. wandhak: dawa - cendhak.

matur suwun.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh zxyuw dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Mon, 03 Apr 23