Umat Hindu Nindakaken Upacara Melasti Gunungkidul, Dungkap Dinten Riyaya Nyepi,

Berikut ini adalah pertanyaan dari anggraeninovia110 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Umat Hindu Nindakaken Upacara MelastiGunungkidul, Dungkap Dinten Riyaya Nyepi, warsa enggal Saka 1935, tanggal 12 Maret benjing, atusan Umat Hindu saking wewengkon Ngayogyakarta lan sakiwa tengenipun nindakaken upacara Melasti, ing Pesisir Ngobaran, Gunungkidul. Ancasing upacara kangge sesuci dhiri utawi buwana alit, lan buwana agung utawi jagat raya. Upacara Melasti kangge mahargya Dinten Riyaya Nyepi, tandha gumantosing warsa enggal Saka 1935, dipun tindakaken ing Pura Segara Wukir, Pesisir Ngobaran, Saptosari, Gunungkidul dinten Senen (25/2) siyang. Upacara Melasti dipun estreni dening atusan Umat Hindu sawewengkon Ngayogyakarta lan sakiwa tengenipun, kalebet Umat Hindu saking 15 pura ing Gunungkidul. Umat Hindu katingal tumemen nindakaken upacara dipun pandegani dening Pendheta Puja Bratha Jati. Miturut Ketua Persatuan Hindu Dharma Indonesia (PHDI) Gunungkidul, Purwanto, Upacara Melasti mengku werdi sesuci dhiri lan jagat raya, kangge manunggalaken trihitakarana, sarta minangka rerangkening upacara lan brata penyepian ingkang badhe dhateng. Kajawi punika, Melasti ugi mengkuancas kangge sesuci asil pertanian, kanthi nyawisaken sesaji utawi banten, pekuluh, tumpeng, sarta gunungan. Upacara Melasti, dipun pungkasi kanthi nglarung sesaji dhateng seganten, kangge mbucal enem watak manungsa ingkang awon, kama utawi nafsu biologis, srakah, murka, mada, utawi waru bingung sarta drengki lan srei.

Unsur-unsur pawarta

1. Unsur apa saka pawarta ing dhuwur yaiku

2. Unsur sapa saka pawarta ing dhuwur yaiku

3. Unsur kapan saka pawarta ing dhuwur yaiku

4. Unsur ing ngendi saka pawarta ing dhuwur yaiku

Unsur-unsur pawarta

5. Unsur kena apa saka pawarta ing dhuwur yaiku

6. Unsur kepriye saka pawarta ing dhuwur yaiku

Ringkesan Pawarta

Ringkesen Pawarta ing dhuwur nganggo basamu dhewe!


pliss jawab yg bener itu bukan pengertian ​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Menika jawanipun perkawis ing inggil tentang unsur-unsur pawarta:

  1. Upacara Melasti
  2. Umat hindu saking Ngayojokarta
  3. Tanggal 12 Maret
  4. Ing Gunung Kidul
  5. Kangge sesuci dhiri utawi buwana alit, lan buwana agung utawi jagat raya.
  6. Nyawisaken sesaji kangge di ngalrungake.

Ringkasanipun pawarta ing inggil

Tiyang Ngayojokarto lan sekitaripun ngawontenaken Upacara Melasti teng Pesisir Ngebaran, Saptosari tanggal 12 Maret, sami kaliyan Dinten Riyaya Nyepi tahun Saka 1935. Upacara punika diadakan kangge upaya nyuciaken diri sekaliyan manunggalken trihitakarana. Upacara punika dipun pandegani dening Pendheta Puja Bhrata Jati. Prosesi nipun upacara punika dipun melai kaliyan nyiapaken sesaji mulai pekuluh, gunungan, tumpeng lan banten sakderengipun dipun larung wonten samudra.

Pembahasan

Soal diatas merupakan teks berita berbahasa Jawa yang mengandung unsur-unsur berita atau pawarta yang sejatinya sama dengan unsur berita pada umumnya yaitu 5W+1H. Pertanyaan yang ada disoal sudah meliputi unsur-unsur tersebut yaitu apa, kapan, kepriye, teng pundi, sinten kaliyan alasanipun.

Pelajari lebih lanjut

Pelajari lebih lanjut mengenai teks berita berbahasa Jawa pada link yang tersedia berikut ini yomemimo.com/tugas/2042135

#BelajarBersamaBrainly #SPJ1

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh MRWAR dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Wed, 21 Dec 22