Gawea tuladha purwakanthi guru swara, sastra, lan basa kang cacahe

Berikut ini adalah pertanyaan dari santiago496 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Gawea tuladha purwakanthi guru swara, sastra, lan basa kang cacahe 3 saben purwakanthi

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban:

Purwakanthi Guru Swara:

  1. ana awan, ana pangan
  2. bareng wis makmur, lali marang sedulur
  3. gelem obah, mesthi mamah

Purwakanthi Guru Sastra:

  1. bobot, bibit, bébét
  2. sapa salah baka séléh
  3. tata titi tentrem

Purwakanthi Guru Basa:

  1. asung bekti, bekti kawula maring Gusti
  2. saking tresna, tresna mung samudana
  3. lungguh dhingklik, dhingkliké wong cilik-cilik

PEMBAHASAN:

Purwakanthi yaiku aliterasi utawa unén-unén ukara sing runtut basa utawa sastrané. Purwakanthi bisa awujud ukara lumrah, bisa uga ngamot paribasan, saloka, utawa tembang. Purwakanthi bisa digolongké dadi 3, yaiku: Purwakanthi guru swara, sastra, lan lumaksita/basa.

1. Purwakanthi Guru Swara

Purwakanthi guru swara yaiku purwakanthi sing runtut basané, antara ukara kaping siji lan seterusé.

Tuladhan:

  • becik ketitik, ala ketara
  • adigang, adigung, adiguna
  • ana bungah, ana susah
  • ana awan, ana pangan
  • bareng wis mamkur, lali marang sedulur
  • gelem obah mesthi mamah

2. Purwakanthi Guru Sastra

Purwakanthi guru sastra yaiku purwakanthi sing runtut sastrané utawa konsonan ing tembung, antara ukara kaping siji lan seterusé.

Tuladha:

  • katula tula, katali
  • bobot, bibit, bébét
  • sapa salah bakal séléh
  • tata titi tentrem
  • laras, lurus, leres, laris

3. Purwakanthi Guru Basa/Lumaksita

Purwakanthi guru basa/lumaksita yaiku purwakanthi sing runtut basané, tembung ana ngarep karo tembung mburiné.

Tuladha:

  • cublak-cublak suweng, suwengé ting geléntér
  • kembang mawar, mawar warnané abang
  • asung bekti, bekti kawula maring Gusti
  • saking tresna, tresna mung samudana
  • lungguh dhingklik, dhingkliké wong cilik-cilik

Detail Jawaban:

Mata Pelajaran : B. Daerah

Kelas : 9

Materi : Piwulang 10 - Purwakanthi

Kata Kunci : purwakanthi guru swara, sastra, basa

Kode Kategoris : 9.13.10

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NadiaNadhimHas dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Wed, 05 Jul 23