ukoro boso kromo lugu ing ngisor iki owahana Dadi Krama

Berikut ini adalah pertanyaan dari hykalian pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Ukoro boso kromo lugu ing ngisor iki owahana Dadi Krama Alus,ngoko alus Lan ngoko lugu !!di jawab secepatnya ya jangan asal asal lan jawab nya ​
ukoro boso kromo lugu ing ngisor iki owahana Dadi Krama Alus,ngoko alus Lan ngoko lugu !!di jawab secepatnya ya jangan asal asal lan jawab nya ​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Ngowahi ukara dadi ragam basa.

5. KL : kula sampun tangklet simbah.

→ KA : kula sampun tangklet eyang.

→ NA : aku wis tangklet simbah.

→ NL : aku wis takon simbah.

6. KL :Simbah kula tangkleti mboten semerap.

→ KA : eyang kula tangkleti mboten pirsa.

→ NA : simbah kula tangkleti ora weruh.

→ NL : simbah dak takoni ora weruh.

7. KL : Sanjangipun pak Sanusi, pak Budi dereng wangsul.

→ KA : ngendhikanipun pak Sanusi, pak Budi dereng kondur.

→ NA : dhawuhe pak Sanusi, pak Budi durung kondur.

→ NL : jarene pak Sanusi, pak Budi durung mulih.

-----------------------------------

Pembahasan

Mangerteni basa miturut unggah ungguh e basa jawa.

Unggah ungguh basa iku ana 4 :

1. BASA NGOKO LUGU

yaiku basa kang tembung tembunge nggunakake basa Ngoko lugu kabeh.

→ Titikane :

  1. basane Ngoko kabeh
  2. ater ater lan panambange ora dikramakake

→ Panganggone :

  1. bocah sakpantaran
  2. wong tuwa marang anake
  3. guru karo muride
  4. pimpinan marang andhahane

→ contho :

  1. jenengmu sapa?
  2. omahmu ngendi?

2. BASA NGOKO ALUS

yaiku basa sing tembung tembunge nggunakake basa Ngoko lan basa Krama.

→ Titikane :

  1. tembunge Ngoko lan dicampur karo Krama
  2. sing dikramakake yaiku ; tembung perangene awak, sandhangan sarta kriyane = kata kerjane)
  3. ater ater lan panambange ora dikramakake

→ Panganggone :

  1. wong tuwa marang wong enom
  2. wong kang padha umure sing padha ngajeni
  3. ibu marang bapak sing kulino Ngoko
  4. wong sing suwe ora ketemu

→ contho :

  • jeneng panjenengan sapa?
  • daleme panjenengan ngendi?

3. BASA KRAMA LUGU

yaiku basa kang tembung tembunge nggunakake basa Krama lugu kabeh.

→ Titikane :

  1. basane Krama
  2. tembunge ora dicampur karo Krama Alus
  3. ater ater lan panambange dikramakake

→ Panganggone :

  1. wong sing durung kulina
  2. wong tuwa marang wong enom sing durung kulina
  3. wong sing lagi ketemu nanging durung akrab

→ contho :

  1. namine sampeyan sinten?
  2. griyane sampeyan pundi?

4. BASA KRAMA ALUS/ INGGIL

yaiku basa sing tembung tembunge nggunakake basa Krama alus kabeh, tanpa kecampuran basa Ngoko. Dadi basane luwih alus lan luwih ngajeni.

→ Titikane :

  1. basane Krama Alus kabeh
  2. ater ater lan panambange dikramakake
  3. sing dikramakake yaiku : perangene awak, sandhangan lan kriya = kata kerjane)

→ Panganggone :

  1. wong tuwa marang anake
  2. andhahan marang pimpinan
  3. murid marang guru
  4. putu marang simbahe

→ contho :

  1. asmanipun panjenengan sinten?
  2. dalemipun panjenengan pundi?

Wis gamblang kan, pie mbedhakake antarane basa ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu lan krama alus.

Detail jawaban

  • Mapel : Bahasa daerah
  • Kelas : 7
  • Materi : Unggah ungguh basa
  • Kode 13

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh Bongcha24 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Sat, 03 Dec 22