dadek ke ngoko alus 1 kowe sesuk di gawani opo

Berikut ini adalah pertanyaan dari adelmoonton01 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Dadek ke ngoko alus
1 kowe sesuk di gawani opo saka pasar ​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Ngowahi ukara dadi basa Ngoko Alus.

Kowe sesuk di gawani opo saka pasar.

➡️ panjenengan sesuk dibethani apa saka pasar.

-----------------------------------

Pembahasan

Unggah ungguh basa iku kaperang ana 4 :

1. BASA NGOKO LUGU

yaiku basa kang tembung tembunge nggunakake basa Ngoko lugu kabeh.

Titikane :

  • basane Ngoko kabeh
  • ater ater lan panambange ora dikramakake

Panganggone :

  • bocah sakpantaran
  • wong tuwa marang anake
  • guru karo muride
  • pimpinan marang andhahane

Tuladha :

  • bapak durung mulih
  • kowe omahe ngendi?

2. BASA NGOKO ALUS

yaiku basa sing tembung tembunge nggunakake basa Ngoko lan basa Krama.

Titikane :

  • tembunge Ngoko lan dicampur karo Krama
  • sing dikramakake yaiku ; tembung perangene awak, sandhangan sarta kriyane = kata kerjane)
  • ater ater lan panambange ora dikramakake

Panganggone :

  • wong tuwa marang wong enom
  • wong kang padha umure sing padha ngajeni
  • ibu marang bapak sing kulino Ngoko
  • wong sing suwe ora ketemu

Tuladha :

  • bapak durung kondur
  • panjenengan omahe ngendi?

3. BASA KRAMA LUGU

yaiku basa kang tembung tembunge nggunakake basa Krama lugu kabeh.

Titikane :

basane Krama

  • tembunge ora dicampur karo Krama Alus
  • ater ater lan panambange dikramakake

Panganggone :

  • wong sing durung kulina
  • wong tuwa marang wong enom sing durung kulina
  • wong sing lagi ketemu nanging durung akrab

Tuladha :

  • bapak dereng wangsul
  • sampeyan griyane pundi?

4. BASA KRAMA ALUS/ INGGIL

yaiku basa sing tembung tembunge nggunakake basa Krama alus kabeh, tanpa kecampuran basa Ngoko. Dadi basane luwih alus lan luwih ngajeni.

Titikane :

  • basane Krama Alus kabeh
  • ater ater lan panambange dikramakake
  • sing dikramakake yaiku : perangene awak, sandhangan lan kriya = kata kerjane)

Panganggone :

  • wong tuwa marang anake
  • andhahan marang pimpinan
  • murid marang guru
  • putu marang simbahe

Tuladha :

  • bapak dereng kondur
  • panjenengan dalemipun pundi?

Detail jawaban

  • Mapel : Bahasa daerah
  • Kelas : 7
  • Materi : Unggah ungguh basa
  • Kode 13

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh Bongcha24 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Mon, 16 Jan 23