ubah ukara ngoko lugu ing ngisor iki dadi ngoko alus1.aku

Berikut ini adalah pertanyaan dari raisarubina42 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Ubah ukara ngoko lugu ing ngisor iki dadi ngoko alus1.aku lan ibu arep lunga menyang pasar
2.kowe kok ora mangan ndisik to pak?saiki wes jam pitu loh
3.eyangku isih durung muleh saka pasar
4.kowe iku yen diwenehi apa apa,kok mesti ora gelem to?
5.wingi aku lan kowe lunga menyang alun-alun numpak sepeda
6.ibu ora doyan mangan sayur bayem
7.bapak wes turu ndek mau awan
8.eyang isih loro,jupukno obate
9.bapak isih kerja saiki nang kantor
10.budhe ngomong yen aku kudu dadi bocah sing sregep

tolong dong,besok dikumpulin​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Ngowahi ukara dadi basa Ngoko Alus.

1.aku lan ibu arep lunga menyang pasar.

kula lan ibu arep tindak menyang pasar.

2.kowe kok ora mangan ndisik to pak?saiki wes jam pitu loh.

panjenengan kok ora gelem dhahar dhisik to pak? saiki wis jam pitu loh.

3.eyangku isih durung muleh saka pasar.

eyangku isih durung kondur saka pasar.

4.kowe iku yen diwenehi apa apa,kok mesti ora gelem to?

panjenengan iku yen diparingi apa apa kok mesthi ora kersa to?

5.wingi aku lan kowe lunga menyang alun-alun numpak sepeda.

wingi kula lan panjenengan tindak menyang alun alun nitih sepedha.

6.ibu ora doyan mangan sayur bayem.

ibu ora kersa dhahar sayur bayem.

7.bapak wes turu ndek mau awan.

bapak wis sare ndek mau awan.

8.eyang isih loro,jupukno obate.

eyang isih gerah, pundhutke obate.

9.bapak isih kerja saiki nang kantor.

bapak isih ngasta damel saiki nang kantor.

10.budhe ngomong yen aku kudu dadi bocah sing sregep.

budhe ngendhikan yen kula kudu dadi bocah sing sregep.

-----------------------------------

Pembahasan

Unggah ungguh basa Ngoko iku kaperang ana 2, yaiku :

1. BASA NGOKO LUGU

yaiku basa kang tembung tembunge nggunakake basa Ngoko lugu kabeh.

Titikane :

  • basane Ngoko kabeh
  • ater ater lan panambange ora dikramakake

Panganggone :

  • bocah sakpantaran
  • wong tuwa marang anake
  • guru karo muride
  • pimpinan marang andhahane

2. BASA NGOKO ALUS

yaiku basa sing tembung tembunge nggunakake basa Ngoko lan basa Krama.

Titikane :

  • tembunge Ngoko lan dicampur karo Krama
  • sing dikramakake yaiku ; tembung perangene awak, sandhangan sarta kriyane = kata kerjane)
  • ater ater lan panambange ora dikramakake

Panganggone :

  • wong tuwa marang wong enom
  • wong kang padha umure sing padha ngajeni
  • ibu marang bapak sing kulino Ngoko
  • wong sing suwe ora ketemu

Detail jawaban

  • Mapel : Bahasa daerah
  • Kelas : 7
  • Materi : Unggah ungguh basa
  • Kode 13

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh Bongcha24 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Wed, 22 Feb 23