Basa krama lugu panggoanggone guneman kanggo…..

Berikut ini adalah pertanyaan dari RufiEvalia3364 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Basa krama lugu panggoanggone guneman kanggo…..

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban:

Basa Krama Lugu

Panganggone tembung basa krama lugu iku dienggo guneman dening:

- Wong kang padha drajate nanging durung akrab.

- Wong sing lagi tetepungan anyar.

Basa Krama Alus

Panganggone tembung basa krama alus iku dienggo guneman dening:

- Wong enom marang wong tuwa.

- Anak marang wong tuwa.

- Abdi marang bendarane

- Murid marang gurune

Pembahasan:

∴ Jinis ragam basa manut panganggone sing trep manut unggah ungguh yaiku basa ngoko lan basa krama.

Basa Ngoko

1. Ngoko Lugu

Yaiku basa ngoko kang ora kecampur basa krama inggil.

Penganggone:

- Sepantaran utawa kanca akrab.

- Wong tuwa marang sing enom.

2. Ngoko Alus

Yaiku basa ngoko kang kecampuran basa krama inggil.

Penganggone:

- Sedulur enom marang sedulur tuwa.

- Wong sing luwih tuwa marang sing luwih enom nanging luwih dhuwur drajate.

Basa Krama

1. Krama Lugu

Yaiku basa krama kang ora kecampuran krama inggil.

Tuladha: Kula sampun nyuwun arta, nanging dereng dipunparingi kalih ibu

Penganggone:

- Wong kang padha drajate nanging durung akrab.

- wong sing lagi tetepungan anyar

2. Krama Alus

Yaiku basa krama kang tembung-tembunge nganggo krama inggil.

Penganggone:

- Wong enom marang wong tuwa.

- Murid marang bapak/ibu guru.

- Anak marang wong tuwa.

- Abdi marang bendarane

∴ Jinis ragam basa manut wilayahe yaiku bedane basa ing saben dhaerah.

Tuladha: Ragam dhialek Surabayaan, Bojonegoroan, Malangan sapanunggalane

∴ Jinis ragam basa manut situasine yaiku basa formal lan informal.

Pelajari lebih lanjut

Materi tentang ragam basa: yomemimo.com/tugas/32673132

Bahasa jawa krama dari "kami mohon maaf apabila ada kesalahan" adalah yomemimo.com/tugas/11678420

Contoh pidato bahasa Jawa tentang hari bahasa ibu internasional yomemimo.com/tugas/15019802

======================

Detail Jawaban

Kelas: Umum

Mapel: Bahasa Daerah

Kategori: Ragam Basa

Kode: -

#AyoBelajar

#SPJ5

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh CepretZzz dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Thu, 25 May 23