buatlah pidato bahasa jawa bertema tentang "karesikan lingkungan"!yang ga niat

Berikut ini adalah pertanyaan dari mei0021 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Buatlah pidato bahasa jawa bertema tentang "karesikan lingkungan"!yang ga niat jawab gausa nyolong point!​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban:

Bismillahirrahmanirrahim, Assalamu'alaikum Wr. Wb.

Ingkang kawula kurmati Bapak/Ibu guru Basa Jawi.

Ingkang kawula tresnani para rencang kelas kula.

Ingkang kapisan lan ingkang paling utama, mangga kita sesarengan aturaken puja lan puji syukur marang Gusti Allah SWT, amargi sampun ngunjukaken kanikmatan lan kaberkahanipun kangge kita piyambak sahingga kita saged sesarengan makempal ing panggon puniki ingkang InsyaAllah dimuliakaken kalih Gusti Allah SWT. Aamiin.

Bapak guru lan rencang-rencang ingkang kawula kurmati. Lingkungan menika salah sawijining unsur ingkang penting kangge proses ngangsu kawruh ing sekolah. Menawa lingkungan katon resik, mila proses ngangsu kawruh saged dumados sekeca, lan siswa-siswi atine dumados bungah, sahingga kawruh ingkang dikantosaken saged diterima kaliyan siswa/i kanthi becik lan jelas.

Mula, sampun kedahipun saben komponen sekolah saged njagi karesikan lingkungan sekolah. Sedaya puniki diwiwiti saking salira piyambak, minimal mboten bucal uwuh sak senengipun piyambak, lan ngawiwiti peduli marang lingkungan sekitar menawa wonten uwuh ingkang kacecer.

Cekap semanten ingkang saged kawula aturaken, kula namung pesen satunggal, mangga kangge kula lan rencang-rencang sedaya peduli marang lingkungan sekitar utamane lingkungan kelas. Mugi-mugi sesorah kula saged bermanfaat kangge kita piyambak, aamiin. Kirang langkungipun kulo nyuwun pangapunten ingkang katah, Wassalamualaikum Wr.Wb.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh novyfajriastuti dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Tue, 30 May 23