Tolong Ka , Di jawab sebisanya​

Berikut ini adalah pertanyaan dari yojiko650 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Tolong Ka , Di jawab sebisanya​
Tolong Ka , Di jawab sebisanya​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Ngowahi ukara miturut unggah ungguhe basa.

1. Aku lunga sekolah jam nem esuk.

➡️ Kula bidhal sekolah jam enem enjing.

2. Adhiku lagi turu ing kamar.

➡️ adhik kula saweg tilem wonten kamar.

3. Dhik Nisa tuku klambi wernane abang.

➡️ Dhik Nisa tumbas rasukan wernane abrit.

4. Dhik Budi mulih saka Jakarta numpak sepur.

➡️ Dhik Budi wangsul saking Jakarta nitih sepur.

5. Aku lan kancaku duwe kudhung anyar.

➡️ Kula kaleh rencang kula gadhah kudhung enggal

6. Simbah lagi turu jam 5 sore.

➡️ Simbah nembe sare tabuh gangsal (5) sonten.

7. Bapak tuku sega goreng ing warung cedhak sawah.

➡️ bapak mundhut sekul goreng dhateng wonde celakipun sabin.

8. Ibu tuku gula lan endog ing pasar kliwon.

➡️ Ibu mundhut gendhis kaliyan tigan wonten peken Kliwon

9. Mbkku numpak motor tekan kulon kali.

➡️ Mbak kula nitih motor ngantos kilen lepen.

10. Budheku duwe mobil anyar wernane putih lan ireng.

➡️ Budhe kula kagungan mobil enggal wernanipun pethak kaliyan cemeng.

__________________________

Pembahasan

Unggah ungguh basa kaperang dadi 4 :

1. Basa Ngoko lugu

yaiku basa kang tembung tembunge nggunakake basa Ngoko lugu kabeh.

panggonane :

wong sakpantaran

wong kang luwih enom

wong sing wis akrab

wong tuwa marang anak

tuladha :

bapak arep mulih sesuk

ibu lunga menyang pasar nitih becak

2. Basa Ngoko Alus

yaiku basa kang tembung tembunge nggunakake basa Ngoko lan basa Krama.

panggonane :

dulur enom marang sedulur tuwa

ibu marang bapak sing kulino Ngoko

tuladha :

bapak arep kondur sesuk

ibu tindak menyang pasar nitih becak

3. Basa Krama lugu

yaiku basa kang tembung tembunge nggunakake basa Krama lugu lan basa Krama alus.

panggonane :

wong sing durung kenal

wong sing kenal nanging durung akrab

tuladha :

bapak badhe wangsul mbenjing

ibu kesah ten peken nitih becak

4. Basa Krama alus

yaiku basa kang tembung tembunge nggunakake basa Krama alus kabeh.

panggonane :

anak marang wong tuwo

putu marang eyang

murid marang guru

andhahan marang pimpinan

tuladha :

bapak badhe kondur mbenjing

ibu tindak dhateng peken nitih becak

Detail jawaban

  • Mapel : Bahasa daerah
  • Kelas : 7
  • Materi : Unggah ungguh basa
  • Kode : 13

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh Bongcha24 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Tue, 26 Jul 22