1.Pun kakang pamit palastra, tegese tembung palastra yaiku ….Pilih salah

Berikut ini adalah pertanyaan dari sadiniii22 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

1.Pun kakang pamit palastra, tegese tembung palastra yaiku ….Pilih salah satu:
a. lunga
b. mati
c. mayit
d. budhal

2.Gonyak-ganyuk nglelingsemi, tembung nglelingsemi tegese ….


Pilih salah satu:
a. kepinteran
b. meruhi
c. nguntungake
d. ngisin-isini

3.Gatekna tembang macapat iki!

Mingkar mingkuring ukara

Akarana karenan mardi siwi

Sinawung resmining kidung

Sinuba sinukarta

Mrih kertarta, pakartining ngelmu luhung

Kang tumrap neng tanah Jawa

Agama ageming aji



Miturut paugerane cakepan iku klebu jinise tembang ….


Pilih salah satu:
a. Gambuh
b. Maskumambang
c. Pangkur
d. Kinanthi

4.Tembang macapat sing cacah guru wilangan saben gatrane padha yaiku ….


Pilih salah satu:
a. Gambuh
b. Asmaradana
c. Durma
d. Kinanthi

5.Samubarang sing kudu dimangerteni sadurunge nembang macapat kejaba ….


Pilih salah satu:
a. Kudu mangerteni carane nulis basa Kawi.
b. Mangerteni guru wilangan lan guru lagu saben tembang macapat.
c. Kudu mangerteni tegese tembung utawa makna bahasa sing diwaca.
d. Nguwasani lan mangerteni dununging andhegan.

6.Wacanen tembang macapat iki kanggo mangsuli nomer ing ngiso iki!

yogyanira kang para prajurit

lamun bisa sira anuladya

duk ing nguni caritane

andel ira Sang Prabu

Sasrabahu ing Maespati

aran patih Suwanda

lalabuhanipun

kang ginelung triprakara

guna kaya purun ingkang den antepi

nuhoni trah utama


Miturut paugeran, apa arane tembang macapat kasebut ….



Pilih salah satu:
a. Durma
b. Dhandhanggula
c. Sinom
d. Pangkur

7.Wacanen tembang macapat iki kanggo mangsuli nomer ing ngisor iki!


yogyanira kang para prajurit

lamun bisa sira anuladya

duk ing nguni caritane

andel ira Sang Prabu

Sasrabahu ing Maespati

aran patih Suwanda

lalabuhanipun

kang ginelung triprakara

guna kaya purun ingkang den antepi

nuhoni trah utama




Guna kaya purun ingkang den antepi. Tegese gatra tembang macapat kasebut yaiku ….


Pilih salah satu:
a. saben wong urip kudu migunani tumrap wong liya
b. wong urip kudu ngibadah lan aja mung mburu bandha bae
c. wong urip kudu nduweni kapinteran, bandha, lan pepenginan
d. pepenginan tanpa bandha ora bakal bisa diwujudake


Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

1. B. Mati

2. D. Ngisin-isini

3. C. Pangkur

4. D. Kinanthi

5. A. Kudu mangerteni carane nulis basa Kawi.

6. B. Dhandhanggula

7. C. Wong urip kudu nduweni kapinteran, bandha, lan pepenginan

Penjelasan

1. Palastra itu tembung Kawi sing tegese mati.

2. Gonyak-ganyuk nglilingsemi tegese tumindak sembrana sing ngisin-isini.

3. Paugeran Pangkur :

  • Guru gatra : 7
  • Guru wilangan : 8, 11, 8, 7, 12, 8, 8
  • Guru lagu : a, i, u, a, u, a, i

4. Paugeran Kinanthi :

  • Guru gatra : 6
  • Guru lagu : u, i, a, i, a, i
  • Guru wilangan : 8, 8, 8, 8, 8, 8 (Guru wilangane padha)

6. Paugeran Dhandhanggula :

  • Guru gatra : 10 gatra
  • Guru wilangan : 10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7
  • Guru lagu : i, a, e, u, i, a, u, a, i, a

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 7

Materi : Piwulang 6 - Macapat

Kata Kunci : Pangkur, Dhandhanggula, Kinanthi, Palastra, Nglelingsemi, lsp

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 7.13.6

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Wed, 02 Jun 21