Bima Gugah Kacarita, ing negara Astinapura lagi ketaman pacobaning Gusti

Berikut ini adalah pertanyaan dari Janky9292 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Bima Gugah Kacarita, ing negara Astinapura lagi ketaman pacobaning Gusti rupa banjir bandhang kang ngrusak wewangunan, tanduran lan nuwuhake kurban kawula alit. Malah lubering toya wis tumeka kutharaja Astina. Kahanan iki gawe kageting Raja Astina kang banjur ngenekake pasewakan. Prabu Duryudana ndangu marang Patih Sengkuni apa kang njalari anane banjir bandhang. Patih Sengkuni matur mewana panyebab banjir bandhang ora ana lya kejaba lubering Bengawan Gangga krana dianggo tapa brata dening Bratasena Midanget palapurane Patih Sengkuni, Prabu Duryudana kaget lan duka banget. Karo isih duka, panjenengane nyuwun iguh pratikel marang Pandhita Drona babagan tapabratane Bratasena. Pandhita Drona matur supaya Prabu Duryudana ngirim wadyabala kang dipandhegani Adipati Kama kanggo njugarake tapa Bratano Bratasena. Enggal-enggal Adipati Kama ngerigake prajurit tumuju bengawan Gangga. Durung nganti nyaketi Bengawan Gangga lakune prajurit Astina kapapag barisane putra Pandhawa kang dipandhegani Gathutkaca. Bage binage nganti takon pinakon bab Bratasena kang njalan banjir bandhang. Titah saka raja Astina supaya Bratasena njugarake tapane dipepalangi dening Gathutkaca sakanca lan nuwuhake perang rame. Prajurit astina kasil kaasorake lan padha mlayu salang tunjang. Ing sajrone tapa brata Bratasena dumadakan kasaut dening pedhut putih. Putra Pandhawa ba ora bisa tumindak-apa-apa lan kelangan lacak Pranyata pedhut putih iku sejatine Sang Hyang Baruna dewaning Samodra kang ditangisi putrane Dewi Urangayu kang kepingin didhaup dening Bratasena. Mula Sang Hyang Baruna njaluk marang Bratasena gelema dadi jodhone putrane. Bratasena gelem menawa dheweke diparingi lenga pangawikan kanggo sarana ngentas panandhange Rama Ibune ing Kawah candradimuka. Sang Hyang Baruna nyanggupi, lan klakon Dewi Urangayu dadi sisihane Bratasena. Sawise nampa lenga pangawikan Bratasena munggah ing kahyangan Jongringsaloka njujug Kawah candradimuka. Nalika arep njegur ing kawah Bathara Guru rajane Dewa wis menggak jalaran yen Bratasena njegur kawah bakal ora bisa bali maneh. Pamenggake Bethara Guru ora dipaelu, wis geleng tekade ngentas wong tuwane lan nyuwargakake wong tuwane. Ora ndedawa lakon, Bratasena njegur Kawah Candradimuka kang mulad-mulad genine Kaelokane kodrat, krana nggawa lenga pangawikan panase Kawahcandradimuka musna dadi adhem kaya ing dharatan. Kasil Bratasena pepanggihan karo Pandhu lan Madrim wong tuwane.Sajrone pepanggihan Pandhu nakokake Pandhawa liyane. Jalaran Pandhawa iku cacah lima lan kudune lelima putrane kang kudu nyuwargakake wong tuwane. Ing kraton Ngamarta Prabu Puntadewa wis nampa palapuraane Gathutkaca sakanca menawa Bratasena ramane ilang musna. Kanthi pamanggihe Prabu Kresna kang pancen titisane Bethara Wisnu, Pandhawa enggal-enggal menyang Kahyangan Jonggringsaloka. Durung nganti padhabudhal, kasaru praptaning Bethara Narada kang ngabarake menawa Kahyangan kaserang buta loro Bradrayaksa lan Kandhiyaksa. Para dewa ora kuwagang ngadhepi pangamuke buta loro, mula njaluk tulung para Pandhawa. Para Pandhawa gelem nulungi Dewa menawa sepisan dipethukake karo Bratasena lan sukmane Pandhu lan Dewi Madrim kaunggahake ing swarga langgeng. Bethara Narada nyanggupi, sigra para Pandhawa munggah ing Kahyangan Buta loro isih ngobrak-abrik kahyangan. Putra Pandhawa wis ngadhepi nanging padha kasoran. Arjuna banjur maju perang nanging uga bisa dlasorake. Kresna kang waskitha enggal ngawe Arjuna. Kresna ngutus Arjuna maju perang maneh nanging aja nggawa sanjata. Arjuna kautus ngrangkul buta loro kang ngamuk. Sawise adhep-adhepan Arjuna enggal nindakake prentahe Prabu Kresna ngrangkul buta loro, Buta loro kasil karangkul, badhar dadi Sembadra lan Srikandhi. Sawise kasil ngasorake buta, Pandhawa nagih janjine Narada. Bethara Narada dhawuh menawa Bratasena ana ing Kawah candradimuka methuki wong tuwane. Ora kesuwen, Puntadewa sakadang njegur ing Kawah candradimuka manggihi wong tuwane. Kasil Pandhawa lima kumpul lan nyuwargakake wong tuwane. Wusanane lakon, Pandhu lan Dewi Madrim kaunggahake swarga langgeng dening pangurbanane putrane, lan Pandhawa bali ing negara Ngamarta ngyahi darmaning satriya. Soal 1. Sapa wae paraga ing crita Bima gugah mau? Wangsulan:. 2. Apa tema crita Bima Gugah mau? Wangsulan:.. 3. Kepriye wewatakane Duryudana iku? Wangsulan:.. 4. Ing ngendi latar panggonane? Wangsulan:.. 5. Amanat apa sing kinandhut ing crita Bima Gugah? Wangsulan:.

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban:

1. Pandawa (Puntadewa,Bratasena,Arjuna,Nakula,Sadewa)

kresna,Bradrayaksa lan Kandhiyaksa., Pandhu, madrim,Bethara Narada, Gathutkaca, Sang Hyang Baruna, Dewi Urangayu, Duryudana, Sengkuni, Drona, karna, Sembadra lan Srikandhi.

2 Bima gugah saka tapa Brata

3. Duryudana iku watake angkara murka, srei, jail-methakil

4. Bengawan Gangga, kraton Astinapura, Kawahcandradimuka, Kahyangan Jonggringsaloka

5. dadi anak iku kudu Bekti marang wong tuwa ne.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh rida784 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Thu, 15 Jul 21