plis tolong bantuin soalnya besok disuru kumpulin​

Berikut ini adalah pertanyaan dari andinifatmawati67 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Plis tolong bantuin soalnya besok disuru kumpulin​
plis tolong bantuin soalnya besok disuru kumpulin​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

>> Gawe Pacelathon Tema Bebas (Lingkungan) :

Tuladha 1 :

  1. Ibu : "Ndhuk, apa kowe wis ngresiki kamarmu dina iki?"
  2. Rani : "Mboten, dereng, Bu."
  3. Ibu : "Kapan kowe arep ngresiki kamarmu, Ndhuk?"
  4. Rani : "Mangke siyang, Bu. Sasampunipun dhahar."
  5. Ibu : "Lha ibu ndhawuhi kowe supaya ngresiki kamar dhisik, ta?"
  6. Rani : "Inggih, bu. Kula enggal ngresekaken kamar kula."
  7. Ibu : "Nah, lak yo ngono. Yen kamarmu resik bakale kepenak disawang. Lingkungane dadi endah sumilir kena angin penak kanggo turu."
  8. Rani : "Nggih, Bu, ngapunten menawi kula sering mboten manut."
  9. Ibu : "Iya, Ndhuk. Wis saiki diresiki dhisik kamarmu, aja lali di sapu yen reget, terus di ikrak supaya ora dadi lingkungan penyakit."
  10. Rani : "Inggih, Bu. Menawi sampun bibar lajeng nindakaken punapa?"
  11. Ibu : "Yen wis rampung gek adus, Ndhuk. Sawise adus banjur maem."
  12. Rani : "Nggih Bu."

Tuladha 2 :

  1. Tiara : "Bu, sonten-sonten kok taksih wonten ing kebon?"
  2. Ibu : "Iya, ndhuk, durung rampung iki."
  3. Tiara : "Taksih napa ta, Bu?"
  4. Ibu : "Resik-resik, Ndhuk."
  5. Tiara : "Lha, niku punapa ingkang panjenengan lampahi Bu?"
  6. Ibu : "Iki..aku arep nandur wit gedhang sing dijaluk karo bapakmu kae lho."
  7. Tiara : "Oalah, nalika wingi sonten, kula nggih mireng menawi bapak sambat kaliyan ibu babagan punika."
  8. Ibu : "Iya Ndhuk, bapak lara kulit tangane, njaluk diobati nganggo godhong gedhang."
  9. Tiara : "Oalah, inggih Bu. Nembe ngertos kula menawi ron gedhang saged kagem tamba gerah kulit."
  10. Ibu : "Ora mung kuwi Ndhuk, jik ana maneh kasiyate kanggo lingkungan."
  11. Tiara : "Wah, punapa Bu?"
  12. Ibu : "Godhong gedhang iku kena kanggo bungkus panganan sing kualitase luwih sehat, aman, praktis, higienis, lan ramah lingkungan."
  13. Tiara : "Ramah lingkungan punika, napa bu?"
  14. Ibu : "Ramah lingkungan kuwi produk sing digawe kanthi cara manut aturan supaya lingkungane tetep resik lan ora ngrusak ekosistem."
  15. Tiara : "Ooo nggih Bu, kula sakniki langkung ngertos."

Penjelasan

Pacelathon tegese padha karo percakapan utawa dialog ing basa Indonesia. Pacelathon tegese rembugan antarane wong loro utawa luwih ngenani sawijining bab.

  • Titikan teks pacelathon :

1) katulis kanthi wujud dhialog (imbal wacana)

2) nggunakake ukara kandha

3) isine pangajak lan panerang

4) cacahing paraga loro utawa luwih

5) nggunakake ukara cekak aos

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 8

Materi : Piwulang

Kata Kunci : Pacelathon, lingkungan

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 8.13

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Wed, 28 Jul 21