1. Tembang sapada ing ngisor iki gancarna!Pangeran kang sipat murah,njurungi

Berikut ini adalah pertanyaan dari firahl2798 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

1. Tembang sapada ing ngisor iki gancarna!Pangeran kang sipat murah,

njurungi kajating dasih,

ingkang temen tinemenan,

pan iku ujaring dalil,

nyatane ana uga,

iya Ki Ageng ing Tarub,

wiwitane nenedha,

tan pedhot tumekeng siwi,

wayah buyut canggah warenge kang tampa.

2. Apa isine tembang sapada ing dhuwur kuwi?

Plissssss bantu jawab pertanyaan saya

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban dan Pembahasan

Pangeran kang sipat murah,

njurungi kajating dasih.

Ingkang temen tinemenan,

pan iku ujare Dalil.

Nyatane ana ugi,

nenggih Ki Ageng Tarub,

wiwitira nenedha.

Tan pedhot tumekeng siwi,

wayah buyut canggah warenge kang tampa.

  • Tegese :

Gusti kang sipat murah,

nulungi kekarepan hamba-Nya,

Sing temenan bakal dikabulake,

amarga iku ujare ing dalil,

nyatane ana uga,

yaiku Ki Ageng Tarub,

Kat dheweke nyuwun,

ora pedhot nganti anak,

wayah (cucu), buyut, canggah wareng sing nampa.

  • Gancaran :

Gusti Kang Maha Murah mesthi bakal nulungi kekarepan umate. Sing donga temenan bakal dikabulake, amarga iku wis diterangake sajroning dalil Al Qur'an. Nyatane ana uga sing nglakoni, yaiku Ki Ageng Tarub. Saka dheweke nyenyuwun, dongane ora pedhot nganti anak, watag, buyut, canggah, warenge padha nampa.

  • Isi :

Gusti bakal nulungi manungsa, sapa wae iku sing tememen anggone donga mesthi bakal dikabulake. Wis ana buktine, yaiku Ki Ageng Tarub sing anggone dedonga ora pedhot nganti run-temurun padha nampa.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 8

Materi : Piwulang 6 - Macapat

Kata Kunci : Sinom, Wulangreh, Pangeran kang sipat murah,

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 8.13.6

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Thu, 10 Jun 21