Tulisna tuladhane saloka!​

Berikut ini adalah pertanyaan dari candraajias pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Tulisna tuladhane saloka!


Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban:

Tuladhane tembung saloka, antarane :

Bathok bolu (bolong telu) isi madu, tegese wong asor nanging sugih kapinteran.

Duka yayah sanipi, jaja bang mawinga-winga, tegese wong kang nesu banget.

Gagak nganggo lare merak, tegese wong asor (cilik) tumindak kaya wong luhur (Gedhe)

Gajah perang karo gajah, kancil mati ing tengah, tegese wong gedhe kang padha pasulayan, wong cilik sing dadi korban.

Garang garing, tegese wong semugih nanging sejatine kekurangan.

Iwak lumebu wuwu, wong kena apus kanthi gampang.

Jaran kerubuhan empyak, wong wis kanji (Kapok banget)

Kandhang langit, bantal ombak, kemul mega, tegese wong sing ora duwe papan panggonan.

Kaya banyu karo lenga, tegese wong kang ora bisa rukun.

Kebo bule mati setra, tegese wong pinter ning ora ana sing merlokake.

Kenes ora ethes, wong sugih umuk nanging bodho.

Kere nemoni malem, tegese wong kang bedhigasan/serakah.

Kleyang kabur kanginan, ora sanak ora kadang, tegese wong sing ora duwe panggonan utawa omah sing tetep.

Krokot ing galeng, tegese wong kang mlarat banget.

Kurung munggah lumbung, tegese wong asor didadeke wong gedhe

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh claraintansitohang dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Sun, 25 Jul 21