artinya apa?? bantu ya​

Berikut ini adalah pertanyaan dari salsabillaaurelia412 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Artinya apa?? bantu ya​
artinya apa?? bantu ya​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Ngartekake aksara Jawa

Asmane Siti Fatimah

Pembahasan

Panulisan aksara Jawa ing dhuwur nggunakake aksara murda lan aksara rekan.

I. Aksara murda

yaiku aksara sesirah kang sinebut huruf kapital. Aksara murda uga digawe kanggo pakurmatan utawa menghormati lan lumrahe kanggo nulis jenenge wong, pangkat lan drajat sarta papan panggonan.

➡️ Aksara murda cacahe ana 8 :

  • Ka = ꦑ
  • Na = ꦟ
  • Ta = ꦡ
  • Sa = ꦯ
  • Pa = ꦦ
  • Nya = ꦘ
  • Ga = ꦓ
  • Ba = ꦨ

II. Aksara rekan

yaiku aksara kang digunakake kanggo mbiyantu panulisan aksara ing ukara ukara sing asale saka basa liya.

Cacahe aksara rekan ana 5 :

  • Kha = ꦏ꦳
  • Gha = ꦒ꦳
  • Dza = ꦢ꦳
  • Za = ꦗ꦳
  • Fa / Va = ꦥ꦳

III. Jlentrehake aksara Jawa

Asmane Siti Fatimah = ꦲꦱ꧀ꦩꦤꦺꦯꦶꦠꦶꦥ꦳ꦠꦶꦩꦃ

  • asmane = aksara Ha, aksara Sa (sigeg), pasangan aksara Ma, aksara Na + taling
  • Siti = aksara murda Sa + wulu, aksara Ta + wulu
  • Fatimah = aksara Rekan Fa, aksara Ta + wulu, aksara Ma + wignyan.

★ catatan

aksara utawa huruf sing diwenehi garis ngisor iku sing nggunakake aksara murda lan aksara rekan.

Detail jawaban

  • Mapel : Bahasa daerah
  • Kelas: 9
  • Materi : Nulis aksara Jawa
  • Kode 13

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh Bongcha24 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Thu, 08 Sep 22