Tembung-tembung lingga sajroning kurung ing ukara ngisor iki wè-nehana wuwuhan

Berikut ini adalah pertanyaan dari hannanaura2579 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Tembung-tembung lingga sajroning kurung ing ukara ngisor iki wè-nehana wuwuhan seselan supaya dadi ukara sing bener!
1. Yèn dadi bintang kelas aja (gedhé), iku ora becik.
2. Muga-muga uripmu tansah (ganjar) wilujeng. Digon per
3. Gajah Mada kuwi patih sing (punjul) kabèh (tindak) gawé majuné
Majapahit.
4. Sarapané bapak wis (cawis) ing meja dhahar.
5. Kabeh sadulur (kasih), aku njaluk pangapura.
6. Cita-cita bisané (gayuh) menawa duwé kapinteran.
7. Alas sing kobong iku keluké isih (kelun).
8. Dadi wong kudu (sanak) aja (sugih).
9. Yèn (sawang) saka kadohan gunung iku éndah banget.
10. Urip bebrayan iku kudu tulung-(tulung).​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

  1. Yèn dadi bintang kelas aja gumedhe, iku ora becik.
  2. Muga-muga uripmu tansah ginanjar wilujeng.
  3. Gajah Mada kuwi patih sing pinunjul kabèh tumindak gawé majuné Majapahit.
  4. Sarapané bapak wis cumawis ing meja dhahar.
  5. Kabeh sadulur kinasih, aku njaluk pangapura.
  6. Cita-cita bisané ginayuh menawa duwé kapinteran.
  7. Alas sing kobong iku keluké isih kumelun.
  8. Dadi wong kudu sumanakajasumugih.
  9. Yèn sinawang saka kadohan gunung iku éndah banget.
  10. Urip bebrayan iku kudu tulung-tinulung.

Penjelasan

{Tembung lingga}

Tembung lingga yaiku tembung kang isih wutuh kang durung oleh tambah apa-apa. Ana sing ngarani tembung lingga yaiku tembung sing isih wantah, utawa isih asli, jalaran tembung iku durung kawuwuhan apa

  • Tuladha : tangi, turu, bali, katon, tuku, lan liya-liyane.

Seselan yaiku wuwuhan sing manggon ana ing tengahe tembung. (in, um, er, el)

  • Tuladha :

> Um + guyu » gumuyu.

> Um + ayu » kumayu.

> Um + gantung » ggumantung.

> Um + turun » tumurun.

> In + tulis » tinulis.

> In + tuju * » tumuju.

> In + tandur » tinandur.

> In + tugel » tinugel.

> Er + kelip » kerelip.

> El + kepyur » kelepyur.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 7

Materi : Piwulang 2 - Kepahlawanan

Kata Kunci : Seselan in,um,er,el

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 7.13.2

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Tue, 13 Jul 21