Wus andungkap kalamangsa ari, putra tutug nilar pawiyatan, lilanana tur

Berikut ini adalah pertanyaan dari otunee9860 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Wus andungkap kalamangsa ari, putra tutug nilar pawiyatan, lilanana tur pamite, ngudi undhaking ngelmu, linampahan tri warsa yekti, pinasrah ing wusana, wangsul rama ibu, mugi tan gawe kuciwa, mring sudarma dwija miwah negari, kusuma nusa bangsa. Tembang ing dhuwur ana pirang pada?

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

➡️ Tembang ing dhuwur ana 1 pada (sapada).

Penjelasan

Wus andungkap kalamangsa ari,

Putra tutug nilar pawiyatan,

Lilanana tur pamite,

Ngudi undaking ngilmu,

Linampahan tri warsa yekti,

Pinasrah ing wusana,

Wangsul rama ibu,

Mugi tan gawe kuciwa,

Mring sudarma dwija miwah negari,

Kusuma nusa bangsa.

  • Tegese :

Wis nyedhaki wayahe dina,

Anak rampung ninggalake sekolahan,

Ikhlasana pamite,

Nggolek tambahe ilmu,

Dilakoni telung taun tenan,

Dipasrahake ing akhire,

Bali bapak ibu,

Muga ora gawe kuciwa,

Marang bapak ibu lan negari,

Pahlawan nusa bangsa.

  • Tembang ing dhuwur kalebu tembang Dhandhanggula.

>> Paugeran :

  1. Guru gatra : 10 gatra.
  2. Guru wilangan : 10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7.
  3. Guru lagu : i, a, e, u, i, a, u, a, i, a

>> Watak : luwes, manis, ndudut ati.

>> Sasmita : sarkara, hartati, madu, manis

{Paugeran Macapat}

  1. Guru gatra yaiku cacahing gatra/lariking sabenpada (bait).
  2. Guru wilangan yaiku cacahing wanda (suku kata) ing saben gatra.
  3. Guru lagu yaiku tibaning swara ing pungkasane gatra.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 8

Materi : Piwulang 6 - Macapat

Kata Kunci : Ana pirang pada

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 8.13.6

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Sun, 18 Jul 21