Ukara-ukara ngisor iku kleru unggah-ungguhe,coba benerna dadi basa krama supaya

Berikut ini adalah pertanyaan dari MaurenAnanda pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Ukara-ukara ngisor iku kleru unggah-ungguhe,coba benerna dadi basa krama supaya bener unggah-ungguhe!​
Ukara-ukara ngisor iku kleru unggah-ungguhe,coba benerna dadi basa krama supaya bener unggah-ungguhe!​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

  1. Ibu ngasta tas badhe tindak blanja nitih dhokar.
  2. Eyang mboten sios rawuh dinten punika amargi jawah mboten sampun-sampun.
  3. Siyang punika bapak mboten kersa dhahar ing dalem.
  4. Pak Heri mboten tindak nyambut damel amargi padharanipun gerah.
  5. Pak guru kawraten anggenipun ngasta buku ingkang kathah.
  6. Bu guru ngendika menawi minggu ngajeng mboten sios ulangan.
  7. Budhe dereng ngertos menawi eyang gerah soca sampun tigang dinten.
  8. Saben minggu enjing kula mlampah-mlampah kaliyan rencang-rencang.
  9. Siswadi badhe ningali ringgit ing lebeting pendapa kabupaten.
  10. Klambine Astuti reged amargi piyambakipun dhawah njagong ing margi mriki.

Penjelasan

Basa Krama yaiku basa sing digunakake kanggo omong-omongan marang wong sing luwih tuwa utawa sing luwih diajeni.

  • Basa Krama kaperang dadi 2, yaiku :

☞ {Krama Lugu}

» Wujud basane kanthi tembung-tembung Krama lugu ora dicampuri tetembungan Krama inggil apadene ngoko.

—☆ Panganggone beda-beda, tumrap :

1) Wong sing sadrajad nanging padha dene ngajeni

2) Wong biasa sing durung nate kenal utawa durung akrab

3) Digunakake saben-saben paraga, sajrone swasana resmi

4) Bocah karo bocah sing durung kulina

Tuladha :

1. Mangga, nak mlebet rumiyin.

2. Griya sampeyan pundi, Sri?.

3. Dipun entosi sekedhap nggih, Nak.

4. Bapak sampeyan menapa estu nyambut damel wonten ing bank?

☞ {Krama Alus}

» Wujud basane kanthi tembung-tembung Krama kabeh kecampuran Krama Inggil. Dene tembung sing perlu dikramakake yaiku wonge, tumindake, lan barang kang dadi duweke.

—☆ Panganggone beda-beda, tumrap :

1) Wong sing sadrajad utawa padha pangkate, sing padha ngajeni

2) Wong sing luwih dhuwur drajate

3) Wong luhur kang durung nate tepung lan durung akrab

4) Wong enom marang wong tuwa

Tuladha :

1. Dalemipun panjenengan wonten pundi?

2. Bu, panjenengan dipundhawuhi eyang sowan mrika sakmenika.

3. Pak, kalawau pak Lurah tindak mriki madosi panjenengan.

4. Amarga sampun siyang, panjenengan sakmenika kedah dhahar wonten mriki.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 7

Materi : Piwulang 1 - Unggah-ungguh basa

Kata Kunci : Basa Krama

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 7.13.1

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Sat, 10 Jul 21