Sebutna gunane tembang macapat!

Berikut ini adalah pertanyaan dari SulaimanMubarok78 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Sebutna gunane tembang macapat!

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Gunane tembang macapat antarane yaiku:

  • Kanggo ngiringi seni tradisional kayata gendhing.
  • Digunakake kanggo kasusastran ing jaman saiki.
  • Dienggo iringan lagu ing ketoprak lan ludruk.
  • Kanggo parikan
  • Kanggo ngarang utawa nulis kapustakaan Jawa.

Pembahasan

Tembang macapat iku salah siji kebudayaan Jawa kang carane maca dilagokake. Tembang macapat dhuweni nilai-nilai etis kayata ngenani tata krama, budi pekerti, wejangan, lan liya-liyane. Cacahe tembang macapat ana sewelas, saben tembang dhuweni karakteristik dhewe-dhewe. Fungsi liyane tembang macapat saliyane ing dhuwur mau yaiku kena kanggo menehi pitutur kang becik lan menehi pendhidhikan sastra Jawa.

Bab kang biasane ana ing sajroning tembang macapat:

  • Cakepan yaiku tembung sing kanggo ing sajroning tembang.
  • Cengkok yaiku lak luk utawa liukane swara sing gunane kanggo nglagokake tembang.
  • Laras yaiku thintingan swara endhek nganti dhuwur.
  • Titi laras yaiku angka gantine laras, titi laras ana loro yaiku pelog lan slendro.
  • Pathet yaiku ukuran endhek dhuwure swara nalika nglagokake tembang.
  • Pedhotan yaiku ngatur dawa cendhake ambegan utawa pedhotane swara ing tengahe tembang.

Nalika nglagokake tembang macapat iku kudune nguwasani apa jenise tembang lan ngerteni paugeran ing tembang, uga kudune mahami watake tembang macapat kang lagi di tembangake. Yen arep ngrakit tembang macapat uga ngerteni tata cara ne kang bener misale kaya gawe ukara kang pas karo paugerane tembang lan jenise tembang.

Pelajari lebih lanjut >>

==============================================================

Detail Jawaban

Kelas: -

Mapel: Bahasa Daerah - Bahasa Jawa

Bab: Tembang macapat

Kode soal: 13

 \:

#AyoBelajar

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh aku8159 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Mon, 17 Dec 18