jinise basa rinengga lan tuladha ukarane

Berikut ini adalah pertanyaan dari salsa221b pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Jinise basa rinengga lan tuladha ukarane

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jinise basa rinengga, ana 9 yaiku :

  1. Tembung saroja
  2. Tembung entar
  3. Wangsalan
  4. Paribasan
  5. Bebasan
  6. Saloka
  7. Purwakanthi
  8. Parikan
  9. Pepindhan

Pembahasan

Basa rinengga yaiku karangan kang kalebu susastra rinacik mawa basa kang endah (dalam bahasa indonesia "basa rinengga" adalah sastra bahasa yang dirangkai dengan cara menggabungkan kata - kata yang berbeda sehingga menjadi bahasa atau kalimat yang indah). Basa Rinega biasane digawe ana ing acara pedhalangan, pranata cara (sambutan temanten, pengetan taun anyar lan sak liyane). Basa rinengga yaiku karangan kang kalebu susastra rinacik mawa basa kang endah. Endahing karangan kasawung sarana isi kang narik kawigaten lan nyenengake, sarta basa kang edi peni.

Jinise basa rinengga :

  • Tembung saroja, yaiku tembung loro kang padha utawa meh padha tegese dianggo bebarengan. Tuladha :
  1. adi luhung - Wayang iku minangka budaya kang adi luhung
  2. akal budi - Supaya usaha bisa maju, para pengurus kudu nggunakake akal budi
  3. bagas waras - Masio wis banget sepuhe, simbah isih katon bagas waras
  • Tembung entar, yaiku tembung kang tegese ora kaya makna salugune (kata kiasan).
  1. lara owah - Para warga pada wedi amarga ana wong lara owah.
  2. tipis lambene - Sanajan rupane ayu, akeh sing ora seneng amarga tipis lambene.
  3. dawa tangane - Bocah iki lugu, nanging dawa tangane.
  • Wangsalan, yaiku unen-unen kang ngemu teges badhean utawa cangkriman nanging dibatang (dibedhek) dhewe. Ukarane ora persis nanging memper wae.
  1. Sarung jagung, abot entheng ayo ditanggung (abot = klobot)
  2. Pindang lulang, kacek apa aku karo kuwe (pindhang lulang = Krecek)
  3. Balung klapa, ethok-ethok ora ngertI (balung klapa = bathok)
  • Paribasan, unen-unen kang wis gumathok racikane lan mawa teges tartentu. Dhapukaning paribasan awujud ukara utawa kumpulaning tembung (frase), lan kalebu basa pinathok. Racikaning tembung ora owah, surasa utawa tegese uga gumathok, lumrahe ateges entar. Paribasan ngemu teges: tetandhingan, pepindhan, utawa pepiridan (saemper pasemon).
  1. Becik ketitik ala ketara = sing becik bakal tinemu, sing ala bakale ketara
  2. Cebol nggayuh lintang = wong duwe panggayuh kang mokal kecandhake
  3. Anak polah bapa kepradah = Tingkah polahe anak dadi tanggungane wong tuwa.
  • Bebasan, unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ngemu surasa pepindhan. Kang dipindhakake kaanan utawa sesipatane wong/barang. Wonge uga katut ing sajrone pepindhan nanging kang luwih ditengenake kaanane utawa tindak-tanduk.
  1. Kocak tandha luka = wong kang sugih omong pratandha durung akeh kawruhe.
  2. Sedhakep ngawe-awe = wis mareni marang tumindak ala  nanging ing bathin isih kepingin nindakake maneh.
  3. Ngubak-ngubak banyu bening = gawe kerusuhan ing papan kang tentrem.
  • Saloka, yaiku unen-unen kang ajeg panganggone mawa teges entar, ngemu surasa pepindhan. Nanging kang dipindhakake wonge
  1. Gajah ngidak rapah = wong kang nglanggar wewalere dhewe
  2. Sumur lumaku tinimba  = wong kang kumudu-kudu dijaluki warah
  3. Lahan karoban mani = wong bagus/ayu rupane tur becik bebudhene
  • Purwakanthi, yaiku runtute swara ing ukara, wanda utawa tembung kang kapisan nggandheng wanda utawa tembung ing saburine.
  1. Kudu jujur yen kowe kepingin makmur.
  2. Ana dina ana upa, ana awan ana pangan
  3. Kala kula kelas kalih, kalung kula kolang-kaling keli ing kalen kilen kula
  • Parikan, yaiku unen – unen kang dumadi saka rong ukara. Ukara sepisanan kanggo narik kawigaten, lan ukara kapindho minangka isi.
  1. Pitik blorok, manak siji. Jare kapok, malah ndadi
  2. Wajik klithik, gula Jawa. Luwih becik, sing  prasaja.
  3. Nyangking ember, kiwa tengen. Lungguh jejer, tamba kangen.
  • Pepindhan, yaiku unen-unen jroning kang mindhakake barang, kahanan siji karo barang utawa kahanan liyane, lumrahe nganggo tembung panggandheng : kaya, lir, pindha, kadya, lir pendah. Pepindhan asring dipigunakaké ing pacelathon padinan, panyandra jroning adicara penganten, pagelaran wayang utawa jroning babagan sastra.
  1. Ayune kaya dewi Ratih
  2. Dedege ngringin sungsang
  3. Lembeyane mblarak sempal

Pelajari lebih lanjut

1. Materi tentang basa rinengga yomemimo.com/tugas/2195253

-----------------------------

Detil jawaban

Kelas : X SMA

Mapel : Basa Jawa

Bab : Basa Rinengga

Kode : ---

Kata Kunci : paribasan, bebasan, basa, sastra, rinengga

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh bintarifr dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Sat, 24 Feb 18