Gladhen 1Wangsulana pitakon-pitakon ngisor iki kanthi trep!1. Sebutna jinise karangan

Berikut ini adalah pertanyaan dari afidahalfi5116 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Gladhen 1Wangsulana pitakon-pitakon ngisor iki kanthi trep!
1. Sebutna jinise karangan wujud gancaran kang ana ing basa Jawa
Wangsulan:
2. Jlentrehna kang diarani karangan deskriptif
Wangsulan:
Apa titikane karangan deskritip?
Wangsulan:
4 Sebutna bab kang perlu digatekake nalika nulis karangan deskriptif
Wangsulan:
5. Gawea karangan deskriptif saparagrap bae babagan prastawa budaya
Wangsulan:

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban:

1. narasi, eksposisi, argumentasi, persuasi, deskripsi

2. karangan deskripsi yaiku karangan sing nyeritakake babagan objek kanthi cetho lan cerita deskripsi iku tujuane supaya sing maca kaya ngalami prastawa sing ono ing cerita iku

3. - Nggambarake samubarang upamane kahanan, papan, utawa manungsa.

- Nggunakake panca indriya (pandeleng, pangrasa, pangrungu, pangganda, lan pangecap).

- Bisa ngajak pamaca kaya-kaya pamaca bisa ndeleng dhewe, ngrasa dhewe, krungu dhewe, ngambu/ngganda dhewe, lan ngecap dhewe.

4.- Nemtokake bab kang arep ditulis.

- Ngumpulake katrangan kanthi premati bab kang arep ditulis.

- Nyathet perangan-perangan bab kanthi tlesih.

- Nulis kasile njingglengi mau kanthi urut, cetha, urip, lan nggunakake tembung-tembung kang trep.

- Naliti lan mbenerake ukara supaya dadi karangan kang becik.

5. Sekaten

Sekaten inggih menika upacara pengetan Maulid Nabi ingkang kaleksanan pitung dinten, awit surya kaping 5 wulan Mulud ngantos dumugi 12 Mulud. Prosesi ingkang sepisanan inggih menika mboyong 2 gamelan pusaka saking kraton dhateng Masjid Agung Solo. Kekalih gamelan kalawau nggadhahi asma piyambak-piyambak. Ingkang sepisan inggih menika gamelan Kyai Guntur Madu, ingkang dipunpanggenaken wonten sisih kidul Masjid Agung Solo. Dene ingkang satunggalipun, inggih menika gamelan Kyai Guntur Sari ingkang dipunpanggenaken wonten sisih ler. Gamelan menika dipuntabuh gantosan awit enjang ngantos dumugi tengah dalu. Para abdi dalem ingkang putri sami ndhahar kinang ingkang dipunwadhahi conthong. Jajanan khas Sekaten inggih menika cabuk rambak, wedang rondhe, ndhog asin, lan sekul liwet.

semoga membantu, maaf kalau salah

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh putrilestari0612 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Wed, 23 Jun 21