Sing kalebu unen-unen Jawa, yaiku ... . *A. bebasan, saloka, pepindhanB.

Berikut ini adalah pertanyaan dari calista011 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Sing kalebu unen-unen Jawa, yaiku ... . *A. bebasan, saloka, pepindhan

B. saloka, paribasan, pepindhan

C. saloka, baradha, pepindhan

D. bebasan, paribasan, saloka

bantu lagi ya​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

Sing kalebu unen-unen Jawa, yaiku ...

➡️ D. Bebasan, paribasan, saloka.

Penjelasan

{Unen-unen Jawa}

—☆ Paribasan

→ yaiku unen-unen kang wis gumathok racikane lan mawa teges tartemtu. Dhapukaning paribasan awujud ukara utawa kumpulaning tembung (frase), lan kalebu basa pinathok.

  • Racikaning tembung ora owah, surasa utawa tegese uga gumathok, lumrahe ateges entar. Paribasan ngemu teges: tetandhingan, pepindhan, utawa pepiridan (saemper pasemon).

Tuladha :

a. Becik ketitik ala ketara tegese sing becik bakal tinemu,

sing ala bakale ketara.

b. Cebol nggayuh lintang tegese wong duwe gegayuhan/kekarepan kang mokal kecandhake.

—☆ Bebasan

→ yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ngemu surasa pepindhan. Kang dipindhakake kaanan utawa sesipatane wong/barang. Wonge uga katut ing sajrone pepindhan nanging kang luwih ditengenake kaanane utawa tindak-tanduke.

Tuladha :

a. Kocak tandha lukak tegese wong kang sugih omong pratandha durung akeh kawruhe.

b. Ngubak-ngubak banyu bening tegese gawe kerusuhan ing papan kang tentrem.

—☆ Saloka

→ yaiku unen-unen kang ajeg panganggone mawa teges entar, ngemu surasa pepindhan. Nanging kang dipindhakake wonge.

Tuladha :

a. Gajah ngidak rapah tegese : wong kang nglanggar wewalere dhewe

b. Sumur lumaku tinimba tegese : wong kang kumudu-kudu dijaluki warah.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 7

Materi : Piwulang

Kata Kunci : Paribasan, Bebasan, Saloka

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 7.13

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Wed, 14 Jul 21