pandhawa iku tegese ana 5 lanang kabeh ing pewayangan sing

Berikut ini adalah pertanyaan dari rethasatya pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Pandhawa iku tegese ana 5 lanang kabeh ing pewayangan sing kalebu pandhawa yaiku sadewa, aejuna, nakula, puntadewa, lan werkudara urutan pandhawa seka sing paling tua...A. puntadewa, arjuna, werkudara, nakula, sadewa
B. puntadewa, werkudara, arjuna, nakula, sadewa
C. puntadewa, werkudara, arjuna, sadewa, nakula
D. werkudara, puntadewa, arjuna, nakula, sadewa


tolong jawab ya kak​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

Urutan pandhawa seka sing paling tua...

➡️ B. Puntadewa, Werkudara, Arjuna, Nakula, Sadewa.

Penjelasan

Prabu Pandhudewanata iku Ratu ing Ngastina. Garwane loro jenenge Dewi Kunthitalibrata lan Dewi Madrim. Dewi Kunthi nduwe anak telu lanang kabeh.

>> Urutane Pandhawa :

1. Puntadewa

Puntadewa jejuluk Yudistira, Prabu Puntadewa iku pambarepe Pandawa. Satriyane alus, watake sabar, jujur, lan ora tau nesu. Getihe putih Lan duwe jimat Kalimasada. Puntadewa Dadi Ratu ing negara Amarta. Garwane aran Dewi Drupadi lan duweni putra kang arane Putra Pancawala. Prabu Puntadewa ora bisa perang jalaran seneng marang katentreman.

2. Werkudara

Werkudara iku putrane Pandhudewanata lan Dewi kunthi kang nomer loro. Jenenge liya Werkudara yaiku Brataseno, Bimasena, Sena, Bayusutha, lan Gandhawastraatmaja. Kasatriyane Werkudara iku ana ing Jadhipati. Raden Werkudara iku duweni watak jujur, seneng tetulung, lan bekti marang guru. Nalika perang Bharatayuda, werkudara asil newasake Prabu Duryudana.

3. Janaka

Jeneng liyane janaka yaiku Arjuna, Dhananjaya, Kirti, lan Partha. Raden Janaka kasatriyane ana ing Madukara. Janaka kulina disebut Panengahe pandhawa. Garwane Dewi Subadra karo Dewi Srikandhi. Janaka utawa Arjuna kondhang baguse. Watake luhur, seneng tetulung, basane alus.

4. Nakula

Nakula kembar karo Sadewa. Nakula iku putrane Prabu Pandhudewanata karo Dewi Madrim. Jeneng liyane Nakula yaiku Pinten lan Tripala. Nakula dadi satriya ing Bumiretawu. Garwane Dewi Soka. Nduweni putra loro, yaiku Dewi Pranati lan Bambang Pranusinta. Nakula nduweni watak mbela kebecikan lan pinter ing babagan ilmu pengetahuan.

5. Sadewa

Sedhulur kembare Nakula yaiku Sadewa. Sing nduwe jeneng liya tangsen lan Darmapranti. Garwane Dewi Srengginiwati, nduwe putra Bambang Sidapaksa. Sadewa satriya ing sawojajar kang watake mbela kebecikan lan pinter babagan ilmu pengetahuan.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 8

Materi : Crita Wayang

Kata Kunci : Urutane Pandhawa

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 8.13

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Mon, 07 Jun 21