Mohon minta tolongg yang bisaa :””00 Kumpulin besok - Gatekna wacan ing

Berikut ini adalah pertanyaan dari Sprouty pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Mohon minta tolongg yang bisaa :””00Kumpulin besok

- Gatekna wacan ing ngisor kanthi satiti!

Kendurenan.
Wektu iku aku didhawuhi bapak supaya nekani adicara kendurenan ing daleme Pak
Mahmud, sesepuh ing kampungku. Ing daleme Pak Mahmud, bapak-bapak ing RT-ku wis padha
kumpul kanthi lenggah ing klasa. Klasa kang dilenggahi bapak-bapak iku mau digelar ing ruwang
tengah daleme Pak Mahmud. Anggone lenggah mau tumata rapi, lenggah jejer pesagi ngupengi
ambeng sing uga ditata jejer. Ambeng-ambeng iku diwadhahi baskom. Ana sing baskom plastik, ana
uga sing baskom seng. Ambeng-ambeng iku dumadi saka sega kang dhuwure ditatani lawuh maneka
warna. Kanggo misahake sega lan lawuh, ing dhuwur sega diwenehi lemek.
Ing antarane bapak-bapak sing lenggah mau, ana priyayi sing lenggah ing pojok adoh karo
lawang omah iku. Priyayi iku rada sepuh ngagem kupluk, ya priyayi iku sing mimpin donga ing
kendurenan. Priyayi iku mau lumrah disebut kaum. Lumrahe kaum iku wasis ing bab ilmu agama.
Kaum maumiwiti donga sawise rombongan kendurenan dianggep wis kumpul kabeh.
Sadurunge donga, kaum ngandharake tujuan dianakake kendurenan. Maksude ora liya nyuwun
kaslametan, karukunan tumrap warga lan kulawargane sing padha ngumpul.
Donga rampung, tutup-tutup ambeng dibukak. Kanthi mardika warga kang kumpul padha
ngedhapi ambeng sing ana ngarepe. Bisa milih ambenge tanggane. Rampung ngedha ambenge
sing cedhak karo lenggahe banjur padha kondur.

1. Wacan ing dhuwur minangka salah satunggaling tuladha wacan..

A. Narasi
B. Deskripsi
C. Eksposisi
D. Argumentasi

2. Kendurenan iku minangka slametan kang lumrahe duweni tujuan..

A. Ketemu karo tangga teparo
B. Ngraketake paseduluran
C. Nyenyuwun marang gusti Allah
D. Andum rejeki marang rangga

3. Sing mimpin donga nalika kendurenan disebut..

A. Carik
B. Modin
C. Bayan
D. Kaum

4. Anggone kendurenan dicepakake klasa, mula lungguhe sing becik..

A. Sila
B. Slonjor
C. Timpuh
D. Jengkang

5. Kang ora disuwun dening warga nalika kendurenan yaiku..

A. Kaslametan
B. Kacilakan
C. Kabagaswarasan
D. Lancare rejeki

6. Meh saben wulan, ing jawa tengah nganakake kendurenan, iku tandha isih nguri-uri bab..

A. Budaya
B. Tata krama
C. Upacara
D. Tata susila

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban:

1.A.narasi

2.C.nyuwun marang gusti

3.D.kaum

4.C.timpuh

5.B.kacilakan

6.A.budaya

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh impiyansugiono dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Tue, 01 Jun 21