Geguritan kang diemot ing Jayabaya kanthi irah-irahan  " TAMAN" kaanggit dening.... please mau di kumpulin

Berikut ini adalah pertanyaan dari sila8090 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Geguritan kang diemot ing Jayabaya kanthi irah-irahan  " TAMAN" kaanggit dening....please mau di kumpulin soalnya

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Geguritan kang diemot ing Jayabaya kanthi irah-irahan "TAMAN" kaanggit dening....

➡️ J.F.X. Hoery.

Penjelasan

TAMAN

dening J.F.X. Hoery

Ing taman anakku

Tawon lan kupu rebutan madu

Kinjeng lan kombang rebutan kembang

Angin esuk ngerog ebun ing pucuking kudhup

Kekedhering kinjeng lan kupu

Aja nganti mbokincup

Sawangen wae

Endahe.

Ing taman

Ing taman anakku

Kupu lan kinjeng isih kapiadreng

Tawon lan kombang ngenam panandhang

Madu lan kembang ninggal kudhup esuk

Mega-mega putih gegojegan mapag angin sore

Aja mbokguyu dheweke

Sawangen

Ing biruning langit

Kae papane kawruh lungit

Lan ing kana uga aku titip

Geguritan kang dakrakit

  • Dadi, geguritan ing dhuwur sing nganggit yaiku J.F.X. Hoery.

Geguritan yaiku jenise puisi Jawa gagrag anyar sing panulise ora kaiket dening paugeran-paugeran kaya ing tembang macapat (yaiku anane guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu), nanging tetep ngugemi kaendahan).

Waca maneh

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 7

Materi : Piwulang 5 - Geguritan

Kata Kunci : Geguritan taman sing nganggit

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 7.13.5

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Sun, 11 Jul 21