bantu semua_____________➡jangan ngasal➡jangan copas➡pakai penjelasan​

Berikut ini adalah pertanyaan dari sukiapurbaningsih882 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Bantu semua
_____________
➡jangan ngasal
➡jangan copas
➡pakai penjelasan​
bantu semua_____________➡jangan ngasal➡jangan copas➡pakai penjelasan​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

1.

  • Ngoko lugu digunakake :

1) Kanca padha kanca sing wis akrab

2) Tumrap wong sing kalungguhane luwih dhuwur nalika sesambungan karo wong kang wong sing drajad utawa kalungguhane luwih endhek.

3) Omongan bocah karo bocah sing wis kulina

4) Wong tuwa marang wong enom

5) Kanggo situwasi resmi (formal) sing pancen perlu nggunakake ragam lan tembung-tembung ngoko.

2.

  • Ngoko alus digunakake :

1) Kanca raket nanging padha dene olehe ngajeni

2) Wong tuwa utawa wong sing luwih dhuwur drajate, marang wong enom, nanging wis akrab banget

3) Kanggo ngajeni marang wong sing digunem

4) Wanita marang sisihan (bojo)-ne yen dheweke nggunakake basa Ngoko

5) Kanggo ngarang sawijine karangan ing majalah kanggo ngajeni wong sing maca

3.

  • Krama lugu digunakake :

1) Wong sing sadrajad nanging padha dene ngajeni

2) Wong biasa sing durung nate kenal utawa durung akrab

3) Digunakake saben-saben paraga, sajrone swasana resmi

4) Bocah karo bocah sing durung kulina

4.

  • Krama alus digunakake :

1) Wong sing sadrajad utawa padha pangkate, sing padha ngajeni

2) Wong sing luwih dhuwur drajate

3) Wong luhur kang durung nate tepung lan durung akrab

4) Wong enom marang wong tuwa

Penjelasan

{Unggah-ungguh basa Jawa}

Ngoko Lugu

» Wujud basane kanthi tembung-tembung ngoko kabeh ora kacampuran tetembungan krama.

Tuladha :

1. Aku mengko sore dolan menyang omahmu ya?

2. Nik, jupukna majalah sing ana ing meja kae!

3. Kapan ya aku nduwe sepedha montor?

4. Kowe arep menyang ngendi, Jo?

Ngoko Alus

» Wujud basane kanthi tembung-tembung ngoko nanging kacampuran tetembungan krama inggil sawatara. Dene tembung sing perlu dikramakake yaiku wonge, tumindake, lan barang kang dadi duweke.

Tuladha :

1. Pak, yen sida tindak Yogya, nitih bis wae!

2. Pak, panjenengan mengko sida mundhutke buku Toni?

3. Bu, yen arep siram kolahe wis dakkebaki lho!

4. Mas, yen kersa mengko dakampiri mriksani bioskop

Krama Lugu

» Wujud basane kanthi tembung-tembung Krama lugu ora dicampuri tetembungan Krama inggil apadene ngoko.

Tuladha :

1. Mangga, nak mlebet rumiyin.

2. Griya sampeyan pundi, Sri?.

3. Dipun entosi sekedhap nggih, Nak. Erni saweg adus.

4. Bapak sampeyan menapa estu nyambut damel wonten ing bank?

Krama Alus

» Wujud basane kanthi tembung-tembung Krama Alus kabeh ora kacampuran tetembungan Krama Inggil. Dene tembung sing perlu dikramakake yaiku wonge, tumindake, lan barang kang dadi duweke.

Tuladha :

1. Dalemipun panjenengan wonten pundi?

2. Bu, panjenengan dipundhawuhi eyang sowan mrika sakmenika.

3. Pak, kalawau pak Lurah tindak mriki madosi panjenengan.

4. Amarga sampun siyang, panjenengan sakmenika kedah dhahar wonten mriki

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 8

Materi : Piwulang 1 - Unggah-ungguh basa

Kata Kunci : Krama Alus, Krama Lugu, Ngoko Alus, Ngoko Lugu digunakake

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 8.13.1

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Thu, 24 Jun 21