4.KinanthiPadha gulangen ing kalbu,Ing sasmita amrih lantip,Aja pijer mangan nendra,Kaprawiran

Berikut ini adalah pertanyaan dari imutt81 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

4.KinanthiPadha gulangen ing kalbu,
Ing sasmita amrih lantip,
Aja pijer mangan nendra,
Kaprawiran den kaesthi,
Pesunen sariranira,
Sudanen dhahar lan guling.
Tembung ngisor iki apa tegese?
a.gulangen
b. kalbu
c. nendra
bantuin dong yg tau​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

  • A. Gulangen tegese nglatih, ngasah, dikulinakake.
  • B. Kalbu tegese ati.
  • C. Nendra tegese turu.

Penjelasan

Padha gulangen ing kalbu,

Ing sasmita amrih lantip,

Aja pijer mangan nendra,

Kaprawiran den kaesthi,

Pesunen sariranira,

Sudanen dhahar lan guling.

  • Tegese :

Bareng-bareng nglatih ing ati,

ing pratandha supaya pinter,

aja mung mangan turu,

sikap ksatria di eling-eling,

Latihen tumemen awakmu,

kurangana mangan lan turu.

>> Tegese tembung angel :

  1. Padha : Bareng-bareng
  2. Gulangen : Nglatih, ngasah, dikulinakake
  3. Kalbu : Ati
  4. Pijer : Tansah
  5. Nendra : Turu
  6. Kaprawiran : kekendelan, ksatria
  7. Den kaesthi : Diudi, disinau, dieling-eling
  8. Pesunen : Latihen awakmu kanthi tumemen
  9. Sariranira : Badanmu, awakmu
  10. Sudanen : Kurangana
  11. Guling : Turu

>> Paugeran Kinanthi :

  1. Guru gatra : 6 gatra
  2. Guru wilangan : 8, 8, 8, 8, 8, 8
  3. Guru lagu : u, i, a, i, a, i

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 8

Materi : Piwulang 6 - Wulangreh

Kata Kunci : Padha gulangen ing kalbu, tegese gulangen, kalbu, nendra

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 8.13.6

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Sun, 06 Jun 21