1.gawea ukara sambawa kang tegese upama telu bae 2.gawea ukara sambawa

Berikut ini adalah pertanyaan dari hasniandriyanto pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

1.gawea ukara sambawa kang tegese upama telu bae2.gawea ukara sambawa kang tegese sanajan telu bae
3. gawea ukara sambawa kang tegese pengarep-arep akon supaya
4. gawea ukara sambawa kang tegese mokal

please bantu dikumpulin besok

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

1. Sanajan

Tuladha:

a. Udana kaya ngapa bapak tetep tindak pasar.

Tembung udana saka tembung lingga udan + -a. Panambang –a ing tembung iku ora nduweni teges akon supaya udan, nanging nduweni teges sanajan. Dadi ukara lumrahe saka ukara sambawa iku:

→ Sanajan udan kaya ngapa bapak tetep tindak pasar

b.  Bagusa kae yen ora tau gelem ngibadah ya padha wae aku ora seneng.

→ Sanajan bagus kae yen ora tau gelem ngibadah ya padha wae aku ora seneng.

2.    Umpama

Tuladha:

Sinaua rada suwe aku mau entuk biji apik.

è Umpama sinau rada suwe aku mau entuk biji apik.

Nggawaa payung aku ora bakal teles ngene iki.

è Umpama nggawa payung aku ora bakal teles ngene iki.

3.    Pangarep-arep

Tuladha:

Sikilku ndang maria, aku bisa bal-balan maneh.

è Sikilku muga-muga ndang mari, aku bisa bal-balan maneh.

Bapak kondura, aku bisa matur bab iki.

è Bapak muga-muga kondur, aku bisa matur bab iki.

4.    Mokal

Mokal iku tegese ora mungkin.

Tuladha:

Narti maneh lulusa, Wahyuni sing pinter wae ora bisa.

Narti maneh ora mungkin lulus, wahyuni sing pinter wae ora bisa.

Kowe maneh diwenehana, aku sing paling cedhak wae ora mambu.


Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh efrandialamsyah dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Thu, 30 Apr 15