Jago kluruk rame kapriyasi Lawa kalong luru pandhelikan Jrih kawanen

Berikut ini adalah pertanyaan dari hannyanggani9965 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Jago kluruk rame kapriyasiLawa kalong luru pandhelikan
Jrih kawanen ing semune
Wetan bang sulakipun
Mratandhani wus bangun enjing
Rembulan wus gemlewang
Ing pucaking gunung
Ing padesaan wiwit obah
Lanang wadon pan samya anambut kardi
Netepi kuwajiban
1.Tulisen paugerane tembang ing dhuwur!
2.Gancarna tembang ing dhuwur!
3.Critakna isine tembang ing dhuwur!
4.Pesan moral apa sing bisa kojupuk saka tembang ing dhuwur?

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

1. Paugeran tembang ing dhuwur (Dhandhanggula) :

  • Guru Gatra : 10 Gatra.
  • Guru Wilangan : 10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7.
  • Guru Lagu : i, a, e, u, i, a, u, a, i, a.

2. Pitik jago padha kluruk rame ketara, lawa lan kalong padha ndhelik amarga wedi metu wayah awan, metu wetan padhangane, nandhakake yen kudu tangi esuk. Rembulan wis njedhul samar-samar ana ing kulone gunung. Ing desa-desa padha obah mrana-mrene, wong lanang uga wedok padha nyambut gawe kanggo nyukupi kewajiban.

3. Nyritakake babagan pitutur kanggo wong urip kudu sregep nyambut gawe golek rejeki lan netepi kewajiban.

4. Ayo para manungsa pada sregep tangi esuk budhal nyambut gawe netepi kewajiban golek rejeki.

Penjelasan

Nggancarake geguritan/tembang (Parafrase) tegese ngowahi tembang utawa geguritan dadi prosa (karangan bebas tanpa aturan tartamtu).

  • Carane nggancarake geguritan/tembang :

1. Negesi tetembungan kang katulis ing geguritan. Yen nemu tembung kawi bisa nggunakake bausastra (kamus).

2. Ngowahi ukara basa pinathok dadi ukara gancaran.

3. Nggathukake gatra siji karo gatra liyane kanthi wujud ukara.

» Paugeran Macapat :

  • Guru gatra, yaiku cacahing gatra saben sapada.
  • Guru wilangan, yaiku cacahing wanda saben sagatra.
  • Guru lagu, yaiku tibaning swara vokal (a,i,u,e,o) ing pungkasaning gatra.

Waca maneh

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 8

Materi : Piwulang 6 - Macapat

Kata Kunci : Gancaran, amanat, paugeran, isi, jago kluruk rame kapiyarsi

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 8.13.6

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Thu, 10 Jun 21