Kanggo nomer 12 lan 13!Jathilan iku jogedan tradisional Jawa singpemaine

Berikut ini adalah pertanyaan dari sajar4014 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Kanggo nomer 12 lan 13!Jathilan iku jogedan tradisional Jawa sing
pemaine utawa penarine migunakake jaran
kepang. Joged iki ana unsur magise amarga
penarine bisa ana sing ora sadhar Joged iki digelar
kanthi iringan maneka piranti musik gamelan
kayata kendhang, saron, lan gong. Jeneng
joged iki beda-beda ing sawetara panggonan.
Ing tlatah Banyumas diarani 'ebeg. ing
sawetara panggonan ing Jawa Tengah diarani
'jaran kepang'. Joged jathilan iki bisa madeg
dhewe lan bisa uga arupa gabungan karo joged
liya kaya dene reog lan barongan. Sadurunge
joged iki, biyasa diwiwiti nganggo tetabuhan
gamelan arupa kendhang, bendhe, lan kecer
sarta dhagelan penthul (bancak) lan tembem
(doyok). Ing sesi pungkasan kerep ana penari
sing nganti ngancik trance utawa kesurupan.
Saliyane kanggo panglipur, joged jathilan uga
biyasa dinggo prosesi ritual budaya mistis kaya
dene tradisi tolak bala ing ereng-ereng Gunung
Merapi.
12. Ukara ngisor iki kang trep karo wacan
yaiku ....
a. jathilan klebu jogedan kang asale saka
mancanegara
b. jathilan bisa kanggo sarana panglipur
c. tetabuhan gamelan kanggo mungkasi
jathilan
d. joged jathilan ngemot unsur religi
13. Tradisi tolak bala tegese ....
a. ngadohi tumindak ala
b. nyingkiri prastawa kang gawe cilaka
c. nulak bencana kanthi mantra
d. nulak tumindak ala​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

12. B. Jathilan bisa kanggo sarana panglipur.

13. C. Nulak bencana kanthi mantra.

Penjelasan

12. Sing trep karo wacan yaiku opsi b, Jathilan iku kanggo panglipur kan dinggo prosesi ritual budaya mistis.

  • Pembahasan opsi :

a. Salah, amarga jathilan iku saka Jawa, dudu mancanegara.

c. Salah, amarga tetabuhan gamelan kanggo miwiti jathilan.

d. Salah, amarga jathilam ngemot unsur magis.

13. Tolak bala yaiku tradisi kanthi tujuan nulak bencana kanthi mantra. Mantrane kayata donga donga sing diwaca.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 7

Materi : Piwulang

Kata Kunci : Jathilan, tolak bala

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 7.13

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Sat, 03 Jul 21