23. Paribasan yaiku unen-unen kang nduweni teges wantah apa anane,

Berikut ini adalah pertanyaan dari revayuniaa245 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

23. Paribasan yaiku unen-unen kang nduweni teges wantah apa anane, tanpa pepindhan utawa irib-iribanAdhedhasar pangerten iku, ing ngisor iki kang kalebu paribasan, yaiku
A Ana catur mungkur
B. Beras wutah arang mulih marang takere
C. Dikena iwake, aja buthek banyune.
D. Asu belang kalung wang​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

Adhedhasar pangerten iku, ing ngisor iki kang kalebu paribasan, yaiku. . .

➡️ a. Ana catur mungkur.

Penjelasan

Paribasan

» Unen-unen sing ajeg panganggone, ngemu surasa wantah, ora nganggo gegambaran (kiasan).

—☆ Tuladha :

1. Kebat kliwat, gancang pincang.

✧Tegese : tumindak kanthi kesusu, asile ora bakal maremake.

2. Anak polah bapak kepradhah.

✧Tegese : tingkah polahe anak dadi tanggung jawabe wong tuwane.

3. Adigang, adigung, adiguna.

✧Tegese : ngandelake kekuwatane, keluhurane, lan kepinterane.

4. Ana catur mungkur.

✧Tegese : ora gelem ngrukokake rerasan kang ora becik.

  • Beras wutah arang mulih marang takere tegese barang kang wis owah ora bakal bali kaya maune. (Bebasan)
  • Dikena iwake, aja buthek banyune tegese sing dikarepake bisa kelakon nanging aja nganti dadi rame/rusak. (Bebasan)
  • Asu belang kalung wang tegese wong asor nanging sugih banget. (Saloka)

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 7

Materi : Piwulang

Kata Kunci : Paribasan, Bebasan, Saloka

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 7.13

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Wed, 07 Jul 21