Pidhato Ulang Taun Assalamualaikum, puji syukur kita haturaken wonten ngarsanipun

Berikut ini adalah pertanyaan dari jasmineaveline92 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Pidhato Ulang TaunAssalamualaikum, puji syukur kita haturaken wonten ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Kuwaos, ingkang wekdal menika maringi rahmat saha hidayahipun, saengga saget makempal ing acara menika “ Ulang Tahun adhik kula “ mugi-mugi kanthi tambahing yuswa dados sregep sinau lan ngedohi tumindak ingkang awon.
Teks II
Assalamualaikum, ingkang kinrmatan bapak RT dan RW saha bapak Ibu ingkang minulya.
Wonten ing dinten menika kula panjenengan sedaya ngawontenaken tirakatan kaliyan ndonga sesarengan. Mugi mugi Indonesia dipunparingi aman, tentram, lan loh jinawi. Amiiin.
Bedane teks pidhato resmi lan ora resmi ing dhuwur ..... Pilihan tunggal.

A. Teks I kalebu resmi teks II kalebu ora resmi

B. Teks I kalebu ora resmi lan teks II kalebu resmi

C. Teks I lan teks II kalebu resmi

D. Teks I lan teks II kalebu ora resmi​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Bedane teks pidhato resmi lan ora resmi ing dhuwur .....

➡️ B. Teks I kalebu ora resmi lan teks II kalebu resmi.

Penjelasan

Pidhato yaiku pakaryan kanggo medharake gagasan utawa informasi kang katujokake marang wong akeh utawa umum.

>> Manut kahanane, pidhato iku ana 3 yaiku :

1. Pidhato resmi yaiku pidhato sing diwedharake ing pasamuan resmi/formal.

» Basa sing digunakake jroning pidhato resmi :

1. Digunakake ing kahanan resmi,

2. Intonasi dhatar,

3. Ukarane ukara jangkep,

4. Migunakake tembung baku.

  • Tuladha : Pidhato kenegaraan, pidhato hardiknas, pidhato ing pengetan kamardikan, lsp.

2. Pidhato setengah resmi yaiku pidhato sing diwedharake ing wayah longgar. Nanging, kesan resmi kudu tetep digatekake, lumrahe ana ing pamilihan tembung lan reroncening ukara.

  • Tuladha : pidhato ing rapat karang taruna, sesorah ing acara kumbakarnan, lsp.

3. Pidhato ora resmi yaiku pidhato sing diwedharake ing pasamuan ora resmi/semi resmi.

» Basa sing digunakake ing sesorah ora resmi :

1. Digunakake ing kahanan ora resmi,

2. Intonasi swara munggah-mudhun,

3. Kerep nganggo ukara ora jangkep,

4. Tembunge ora baku.

  • Tuladha : Pidhato manten, pidhato ing karang taruna, pidhato pengetan ulang taun bocah, lsp.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 6

Materi : Piwulang 5 - Sesorah

Kata Kunci : Resmi, ora resmi

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 6.13.5

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Thu, 15 Jul 21