1 . Kalorone nerusake laku, nglacak nggoleki sing ilang. Tekan

Berikut ini adalah pertanyaan dari attriya12 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

1 . Kalorone nerusake laku, nglacak nggoleki sing ilang. Tekan panggonane Jathayu, weruh Jathayu, rajawali kang wis menggeh-menggeh meh koncatan nyawa, ewasemana isih bisa nyritakake lelakone, lan aweh pituduh arah playune maling. Sinta kagawa dening ratu Alengka. Durung nganti rampung anggone crita, Jathayu ngemasi.Ing pethikan crita Ramayana ing ndhuwur, Jathayu iku wujude ....

A. kethek

B. ula

C. buta

D. manuk

2.Tiyang sami mbucal uwuh ing lepen, kados mboten mangertos menawi bab menika saged anjalari bena. Menawi jawah, lepen mbludag dados bena, sami ngresula. Tiyang-tiyang boten paham menawi tumindakipun saged ndhatengaken bebaya.

Miturut wacan iki, wong-wong ... paham menawa tumindake bisa nekakake bebaya.

A. wis

B. ora

C. durung

D. bakal

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

1. Ing pethikan crita Ramayana ing ndhuwur, Jathayu iku wujude ....

➡️ D. Manuk.

2. Miturut wacan iki, wong-wong ... paham menawa tumindake bisa nekakake bebaya.

➡️ B. Ora.

Penjelasan

1. Manut pethikan wacan ing dhuwur, ana tembung "rajawali" kang tegese manuk.

Resi Jathayu salah sawijining paraga ana ing crita Ramayana, awujud manuk garudha kang duweni watak wicaksana. Dheweke tansah eling marang sang Hyang Agung, mula banjur duweni jejuluk Resi. Resi Jathayu yaiku anak saka Resi Briswawa lan Dewi Brahmanistri. Dewi Brahmanistri yaiku anak wadon saka Dewa Brahma.

  • Dadi, kena disimpulake yen Resi Jathayu iku wujude manuk.

2. Ana ing ukara "Tiyang-tiyang boten paham menawi tumindakipun saged ndhatengaken bebaya." Iki tegese "wong-wong ora paham yen tumindake bisa nekakake bebaya".

  • Dadi, kena disimpulake yen wong-wong ora paham mbuwang uwuh ing kali iku bisa nyebabake banjir lan nekakake bebaya.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 7

Materi : Piwulang - Crita wayang

Kata Kunci : Jatayu, manuk, wong-wong ora paham

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 7.13

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Fri, 04 Jun 21