16.) Wong sing nglanggar wewalere dhewedisalokakake?A. pager mangan tandurB. bathok

Berikut ini adalah pertanyaan dari candraajias pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

16.) Wong sing nglanggar wewalere dhewedisalokakake?A. pager mangan tandur
B. bathok bolu isi madu.
C. gajah ngidak rapah.
D. kebo mulih ing kandhange
17.) Kutha Magelang kalebu ing bawahe propinsi Jawa Tengah uga kalebu karesidenan?
A. Surakarta
B. Madiun
C. Kedu
D. Banyumas
18.) Kang dudu tuladhane saloka yaiku?
A. belo melu seton.
B. emprit abuntut bedhug
C. kebo mulih ing kandange
D. sandhing kirik gudigen.
19.) Jati ketusupan luyung, tegese?
A. kelangan panguwasane.
B. kumpulane wong becik kelebon wong ala
C. wong pinter nanging ora ana kang merlokake
D. luwih dhuwur pangkate
20.) 1. Cedhak kebo gupak
2. Kebo ilang tombok akndhang.
3. Kuthuk marani sunduk
4. Nututi layangan pedhot
Tuladhane saloka katulis ing angka?
A. 1,2
B. 3,2
C. 2,4
D 1,3​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban:

16. C. gajah ngidak rapah

17. C. Kedu

18. D. sandhing kirik gudigen

19. B. kumpulane wong becik kelebon wong ala

20. B. 3,2

Penjelasan:

16. Wong sing nglanggar wewalere dhewe disalokakake?

A. pager mangan tandur = tegese sing kudu dijaga malah dirusak

B. bathok bolu isi madu = tegese wong asor nanging sugih kapinteran

C. gajah ngidak rapah = tegese wong gedhe kang njarak utawa nerak aturane dhewe ✔️

D. kebo mulih ing kandhange = tegese wong lungan adoh wis suwe, bali maneh ing asale

17. Kutha Magelang kalebu ing bawahe propinsi Jawa Tengah uga kalebu karesidenan?

A. Surakarta (Klaten, Boyolali, Wonogiri, Sukoharjo, Sragen, Kota Surakarta, Karanganyar)

B. Madiun (iki wis klebu Jawa Timur)

C. Kedu (Purworejo, Temanggung, Wonosobo, Kebumen, Kabupaten Magelang, Kota Magelang) ✔️

D. Banyumas (Banyumas, Banjarnegara, Cilacap, Purbalingga)

18. Kang dudu tuladhane saloka yaiku?

A. belo melu seton (saloka)

B. emprit abuntut bedhug (saloka)

C. kebo mulih ing kandange (saloka)

D. sandhing kirik gudigen (bebasan) ✔️

19.) Jati ketusupan luyung, tegese?

A. kelangan panguwasane.

B. kumpulane wong becik kelebon wong ala ✔️

C. wong pinter nanging ora ana kang merlokake

D. luwih dhuwur pangkate

20.) 1. Cedhak kebo gupak (bebasan)

2. Kebo ilang tombok kandhang (saloka)

3. Kuthuk marani sunduk (saloka)

4. Nututi layangan pedhot (bebasan)

Tuladhane saloka katulis ing angka?

A. 1,2

B. 3,2 ✔️

C. 2,4

D 1,3

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh anitaretnomulat dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Sun, 25 Jul 21