Nalika Rama, Dewi Sinta, lan Lesmana ngumbara, tindakipun dumugi ing

Berikut ini adalah pertanyaan dari strawberrysmothie pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Nalika Rama, Dewi Sinta, lan Lesmana ngumbara, tindakipun dumugi ing tengahing wana. Boten antawis dangu kekiteran satunggaling kidang kencana. Pirsa kidang kencana, Dewi Sinta nyuwun dipun cepengaken dening ingkang garwa. Sang Rama tumuli mbujung kidang kencana. Rama wusana pisah kaliyan Dewi Sinta. Kidang tanggap ing sasmita lajeng mlajeng mlebet wana saya nengah, saya tebih.Ngancik telenging wana, peteng ndhedhet lelimengan, tlacakipun kidang ical. Sapandurat kumlebat ketingal kidang kencana. Rama lajeng menthang langkap gandhewa (memanah) kidang kencana lan kidang pejah. Eloking kahanan kapiren swaranipun Rama jelihjelih sesambat mring Lesmana

 Dewi Sinta lan Lesmana ingkang nganti rawuhipun Rama mireng swanten sesambat menika. Dewi Sinta yakin menawi swantenipun Rama, pramila trataban manahipun, sigra dhawuh mring Lesmana supados enggal paring pitulungan dhumateng Rama. Lesmana ingkang wicaksana tansah paring pemut, bilih swanten menika sanes swantenipun Rama

 Ing tegah wana Rama ingkang sampun manah kidang kencana uninga menawi sampun kenging apusing kidang kencana. Daya-daya wangsul ing papanipun Dewi Sinta lan Lesmana. Ing satengahing margi Rama kepanggih kaliyan Lesmana. Kekalihipun lajeng wangsul ing papanipun Dewi Sinta. Kejot penggalihipun Rama lan Lesmana pirsa Dewi Sinta boten wonten. Kekalihipun sigra ngupadi Dewi Sinta

 Ing tengahing margi Rama lan Lesmana kepanggih kaliyan peksi Jathayu.

Sasampunipun peksi Jathayu cariyos menawi Dewi Sinta kadhusta dening Prabu Dasamuka ing Ngalengka, peksi Jathayu pejah. Pejahipun peksi Jathayu amargi kenging gegamaniun Rahwana nalika peksi Jathayu ngalang-alangi

Rahwana nggondhol Dewi Sinta

Rama lan Lesmana tumuli nglajengaken lampah madosi Dewi Sinta ingkang kadhusta Rahwana. Ing satengahing margi kepanggih kaliyan wanara seta Anoman. Anoman tumuli pratela badhe ngabdi dhumateng Rama. Pramila Rama lan Lesmana anggenipun madosi Dewi Sinta kabantu Anoman.

` tolong di rangkumin donk kak! ​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban:

kalimat awal sampai titik.

Penjelasan:

semoga membantu!!!

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh syamsulsikm dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Sun, 04 Jul 21