︎ ︎ ︎ ︎ ︎ ︎ ︎ ︎ ︎​​​​ ︎

Berikut ini adalah pertanyaan dari sadiniii22 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

︎ ︎ ︎ ︎ ︎ ︎ ︎ ︎ ︎​​​​ ︎ ︎ ︎ ︎ ︎ ︎​︎​​​​ ︎ ︎ ︎ ︎ ︎ ︎ ︎ ︎ ︎ ︎​​​​ ︎ ︎ ︎ ︎ ︎ ︎​︎​​​​ ︎ ︎ ︎ ︎ ︎ ︎ ︎ ︎ ︎ ︎​​​​ ︎ ︎ ︎ ︎ ︎ ︎​︎​​​​ ︎ ︎ ︎ ︎ ︎ ︎ ︎ ︎ ︎ ︎​​​​ ︎ ︎ ︎ ︎ ︎ ︎​︎​​​​ ︎​
︎ ︎ ︎ ︎ ︎ ︎ ︎ ︎ ︎​​​​ ︎ ︎ ︎ ︎ ︎ ︎​︎​​​​ ︎ ︎ ︎ ︎ ︎ ︎ ︎ ︎ ︎ ︎​​​​ ︎ ︎ ︎ ︎ ︎ ︎​︎​​​​ ︎ ︎ ︎ ︎ ︎ ︎ ︎ ︎ ︎ ︎​​​​ ︎ ︎ ︎ ︎ ︎ ︎​︎​​​​ ︎ ︎ ︎ ︎ ︎ ︎ ︎ ︎ ︎ ︎​​​​ ︎ ︎ ︎ ︎ ︎ ︎​︎​​​​ ︎​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Negesi unggah ungguh basa.

1. Ngoko Alus, yaiku tetembungan sing nggunakake basa Ngoko lan basa krama.

Kagunaane kanggo :

  • rembugan wong enom marang wong tuwa
  • rembugan wong sak umuran sing padha ngajeni

Tuladha :

  • ibu arep tindak
  • bapak lagi gerah

2. Ngoko lugu, tetembungan sing nggunakake basa ngoko lugu kabeh.

Kagunaane kanggo :

  • rembugan bocah sakpantaran
  • rembugan wong tuwa marang wong enom

Tuladha :

  • ibu arep lunga
  • bapak lagi lara

3. Krama lugu, yaiku tetembungan sing nggunakake basa krama lugu kabeh.

Kagunaane kanggo :

  • rembugan wong sing durung kenal
  • rembungan wong sing wis kenal nanging durung kulina

Tuladha :

  • ibu badhe kesah
  • bapak saweg sakit

4. Krama alus, yaiku tetembungan sing nggunakake basa krama alus kabeh.

Kagunaane kanggo :

  • rembugan wong tuwa marang anak
  • rembungan wong sing drajate luwih dhuwur

Tuladha :

  • ibu badhe tindak
  • bapak nembe gerah

__________________

Pembahasan

Unggah ungguh basa kaperang dadi 4 :

1. BASA NGOKO LUGU

yaiku basa kang tembung tembunge nggunakake basa Ngoko lugu kabeh.

→ Titikane :

  • basane Ngoko kabeh
  • ater ater lan panambange ora dikramakake

→ Panganggone :

  • bocah sakpantaran
  • wong tuwa marang anake
  • guru karo muride
  • pimpinan marang andhahane

→ Tuladhane :

  • jenengmu sapa?
  • omahmu ngendi?

2. BASA NGOKO ALUS

yaiku basa sing tembung tembunge nggunakake basa Ngoko lan basa Krama.

→ Titikane :

  • tembunge Ngoko lan dicampur karo Krama
  • sing dikramakake yaiku ; tembung perangene awak, sandhangan sarta kriyane = kata kerjane)
  • ater ater lan panambange ora dikramakake

→ Panganggone :

  • wong tuwa marang wong enom
  • wong kang padha umure sing padha ngajeni
  • ibu marang bapak sing kulino Ngoko
  • wong sing suwe ora ketemu

→ Tuladhane :

  • jenenge panjenengan sapa?
  • daleme panjenengan ngendi?

3. BASA KRAMA LUGU

yaiku basa kang tembung tembunge nggunakake basa Krama lugu kabeh.

→ Titikane :

  • basane Krama
  • tembunge ora dicampur karo Krama Alus
  • ater ater lan panambange dikramakake

→ Panganggone :

  • wong sing durung kulina
  • wong tuwa marang wong enom sing durung kulina
  • wong sing lagi ketemu nanging durung akrab

→ Tuladhane :

  • namine sampeyan sinten?
  • griyane sampeyan pundi?

4. BASA KRAMA ALUS/ INGGIL

yaiku basa sing tembung tembunge nggunakake basa Krama alus kabeh, tanpa kecampuran basa Ngoko. Dadi basane luwih alus lan luwih ngajeni.

→ Titikane :

  • basane Krama Alus kabeh
  • ater ater lan panambange dikramakake
  • sing dikramakake yaiku : perangene awak, sandhangan lan kriya = kata kerjane)

→ Panganggone :

  • wong tuwa marang anake
  • andhahan marang pimpinan
  • murid marang guru
  • putu marang simbahe

→ Tuladhane :

  • asmanipun panjenengan sinten?
  • dalemipun panjenengan pundi?

Detail jawaban

  • Mapel : Bahasa daerah
  • Kelas : 7
  • Materi : Unggah ungguh basa Jawa
  • Kode 13

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh Bongcha24 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Sun, 13 Nov 22