A. ukara iki owahana basa ngoko alus lan krama alus!

Berikut ini adalah pertanyaan dari rizqikurn4 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

A. ukara iki owahana basa ngoko alus lan krama alus!1. Bapak-bapak ora gelem teka saiki.
2. Pak Bupati wis bali kawit mau.

B. ukara iki owahana nganggo basa krama lugu!
1. Mbak nani wis mlaku dhisik.

BAGI YANG BISA TOLONG DIBANTU YA!!! DIKUMPULIN NYA BESOK PAGI!!!​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

A. Ngowahi ukara dadi basa Ngoko Alus lan basa krama alus.

1. Bapak-bapak ora gelem teka saiki.

➡️ Ngoko Alus : bapak bapak ora gelem rawuh saiki

➡️ Krama alus : bapak bapak mboten kersa rawuh sakpunika.

2. Pak Bupati wis bali kawit mau.

➡️ Ngoko Alus : pak Bupati wis kondur kawit mau.

➡️ Krama alus : pak Bupati sampun kondur kalawau.

B. Ngowahi ukara dadi basa krama lugu.

1. Mbak nani wis mlaku dhisik.

➡️ Krama lugu : mbak Nani sampun mlampah riyin.

__________________

Pembahasan

Mangerteni basa Ngoko Alus, basa krama lugu lan basa krama alus.

1. BASA NGOKO ALUS

yaiku basa sing tembung tembunge nggunakake basa Ngoko lan basa Krama.

Titikane :

  • tembunge Ngoko lan dicampur karo Krama
  • sing dikramakake yaiku ; tembung perangene awak, sandhangan sarta kriyane = kata kerjane)
  • ater ater lan panambange ora dikramakake.

Tuladhane :

  • bapak sesuk rawuh karo mbak Dila
  • ibu seneng dhahar bubur

2. BASA KRAMA LUGU

yaiku basa kang tembung tembunge nggunakake basa Krama lugu kabeh.

Titikane :

  • basane Krama
  • tembunge ora dicampur karo Krama Alus
  • ater ater lan panambange dikramakake.

Tuladhane :

  • bapak mbenjeng dugi kaleh mbak Dila.
  • ibu remen nedha bubur

3. BASA KRAMA ALUS/ INGGIL

yaiku basa sing tembung tembunge nggunakake basa Krama alus kabeh, tanpa kecampuran basa Ngoko. Dadi basane luwih alus lan luwih ngajeni.

Titikane :

  • basane Krama Alus kabeh
  • ater ater lan panambange dikramakake
  • sing dikramakake yaiku : perangene awak, sandhangan lan kriya = kata kerjane)

Tuladhane:

  • bapak mbenjeng rawuh kaliyan mbak Dila
  • ibu remen dhahar bubur

Detail jawaban

Mapel : Bahasa daerah

Kelas : 7

Materi : Unggah ungguh basa

Kode 13

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh Bongcha24 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Tue, 08 Nov 22