43. Coba sebutna tuladhane pidhato resmi 4 wae....44. Cangkriman iku

Berikut ini adalah pertanyaan dari miraacantikss3 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

43. Coba sebutna tuladhane pidhato resmi 4 wae....44. Cangkriman iku wujude ana 4, yaiku ....
45. Coba batangen cangkriman ing ngisor iki
a. pakbomba, paklawa, pakpiut
b. mboke dilus-elus anake diidak-idak
c. lawa lima kalong telu dadi pira?
d. Bapak Pucung endi elor endi kidul
Laku tapa brata
Mung kepingin bisa malih
Dadi kupu si pucung wedharing tapa​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

43. Pidhato kenegaraan, pidhato hardiknas, pidhato pengetan HUT, pidato laporan, pidato pertanggungjawaban, pidhato pelantikan.

44. Cangkriman wancahan (cekakan), cangkriman pepindhan (irib-iriban), cangkriman blenderan (plesetan), cangkriman sing sinawung ing tembang.

45. Batangane yaiku :

a. Tapak kebo amba, tapak ula dawa, tapak sapi ciyut.

b. Andha (tangga).

c. 8 (wolu).

d. Uler.

Penjelasan

- Pidhato resmi yaiku pidhato sing diwedharake ing pasamuan resmi/formal.

>> Basa sing dienggo pidhato resmi :

  1. Digunakake ing kahanan resmi,
  2. Intonasi dhatar,
  3. Ukarane ukara jangkep,
  4. Migunakake tembung baku.

Cangkriman yaiku unen-unen sing kudu dibedhek utawa dibatang maksude. Mula saka iku, cangkriman uga diarani bedhekan utawa batangan. Cangkriman iku wujude ana 4, yaiku:

✧ 1. cangkriman sing wujude wancahan (cekakan),

→ Wancah iku tegese cekak. Wancahan iku kudu dibatang kang disusun saka gatra kang ana.

✧ 2. cangkriman sing wujude pepindhan (irib-iriban),

→ Cangkriman kang awujud ukara kang memper kaya kanyatane.

✧ 3. cangkriman sing wujude plesetan, lan

→ Cangkriman iki sejatine ukara pranyatan kang bisa gawe bingung yen macane salah.

✧ 4. cangkriman sing sinawung ing tembang.

→ Cangkriman sing kudu dibedhek, nanging lewat wujud tembang.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 6

Materi : Piwulang

Kata Kunci : Cangkriman, tuladha pidhato resmi, lsp

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 6.13

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Thu, 01 Jul 21