cerita sumantri ngenger

Berikut ini adalah pertanyaan dari yulia119 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Cerita sumantri ngenger

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Sumantri Ngenger..

Resi Suwandageni duwe anak loro, uger-uger lawang. Sing mbarep jenenge Raden Sumantri lan sing wuragil Raden Sukasrana. Raden Sumantri satriya bagus, alus, lan sekti mandraguna duwe sanjata pamungkas jenenge Cakrabaskara. Dene Raden Sukasranakasektene kepara ngluwihi kasektene kakange. Nanging kuciwane, Raden Sukasrana rupane ala banget. Bathuke nonong, mripate mlolo, irunge pesek, untune ngringih kaya eri pandhan, mawa siyung kaya Bethara Kala, gulu tepak pundhake brojol, wetenge buncit tangane thekle, sikile pekoh, bokonge nyanthik, lan udele bodong. Pokoke sakabehe rerupan ala nglumpuk dadi siji ing awake Raden Sukasrana, nganti ora ana kancane sing wani nyedhak. Kabeh padha gila lan wedi, awit saka rupane sing ala lan nggilani banget.
Nuju sawijine dina, marak sowan ing ngarsane kang rama, nyuwun pamit bakal suwita ing ngarsane Sang Prabu Harjunasasrabahu, ratu gung binathara ing negara Maespati. Raden Sumantri ora gelem didhereki dening adhine, jalaran Raden Sumantri isin karo rupane Raden Sukasrana. Pasuwitane Sumantri ditampa dening Sang Prabu, anggsre Raden Sumantri bisa ngaiahake negara Magada sara bisa mboyong Dewi Citrawati.
Kelakon, Raden Sumantri bisa mboyong Dewi Citrawati menyang negara Maespati. Sadurunge sowan ing ngarsane Sang Harjunasasra, Raden Sumantri kathukulan pikiran sing ala. Batine, sadurunge ngaturake Dewi Citrawati ana ing ngarsane Sang Prabu, Raden Sumantri kepengin mangerteni kadigdayane Sang Prabu. Jalaran yen pancen Sang Prabu kalah, Raden Sumantri ora bakal nerusake suwita ing ngarsane Sang Prabu. Bantine Raden Sumantri, pedah apa ngenger marang ratu sing kalah digdaya karo dheweke.
Anggene nantang Raden Sumantri disarujuki Sang Prabu. Perange Raden Sumantri karo Sang Prabu Harjunasasrabahu rame banget, genti-genten unggul lan genti-genten kalah. Jalaran sejatine kekarone padhadene titisane Bathara Wisnu, Raden Sumantri kepengin cepet mungkasi Sang Prabu. Raden Sumantri nggunakake senjatane Cakrabaskara, Sang Prabu duka yayah sinipi, satemah banjur tiwikrama, malih rupa dadi raseksa, sagunung anakan gedhene. Raden Sumantri banjur diidak ora bisa obah.
Raden Sumantri sambat njaluk gesang. Krungu pisambate Raden Sumantri, Sang Prabu tuwuh welase. Raden Sumantri diapura kaluputane sarta bakal ditampa pasuwitane sauger Raden Sumantri bisa mboyong Taman Sriwedhari menyang Maespati. Krungu dhawuheSang Prabu, Raden Sumantri susah banget atine.
Raden Sumantri bingung. Raden Sumantri rumangsa yen ora bakal bisa minangkani pamundhute Sang Prabu. Raden Sumantri uga ngrumangsani menawa pamundhute Sang Prabu iku mung sawijine cara anggone nampik pasuwitane Raden Sumantri. Nedheng-nedhenge Raden Sumantri judheg anggone mikir bab pamudhutipun Sang Prabu Harjunasasrabahu, diumadakan mak jleg. Raden Sukasrana wis mangerteni menawa kang raka lagi susah pikirane awit saka pamudhute Sang Prabu.
Tembunge, “Kakang, aja kuwatir! Aku kang bakal ngleksanani pamundhute Sang Prabu. Nanging, aku njaluk bebana.
Yen wis klakon taman dakputer menyang Maespati lam ditampa Sang Prabu, aku melu ana kene.” Raden Sumantri nyarujuki panjaluke adhine. Ringkasane crita, Taman Sriwedhari klakon kaputer menyang Maespati, wutuh ora ana oyode sing pedhot lan ora ana salembara godhong sing alum. Raden Sumantri kelakon katampa suwitane. Lan kanthi dhedhemitan, Raden Sukasrana melu Kakange manggon ing Maespati.
Nuju ing sawijine dina, nalika Dewi Citrawati arep adus ing taman Sriwedhari weruh rerupan sing banget nggilani lan medeni. Satemah Sang Dewi wurung anggone arep adus, matur marang Sang Prabu bab rerupan sing mentas diweruhi iku. Sang Prabu Harjunasasra dhawuh marang Raden Sumantri, kinon nggoleki rerupan sing medeni garwa. Sawise ketemu, Sang Prabu dhawuh supaya disirnakake bae. Raden Sumantri wis tanggap menawa sing dikersakake Sang Dewi bab rerupan sing banget nggilani iku mesthi adhine, Raden Sukasrana.
Raden Sumantri nggoleki adhine, sawise ketemu. Raden Sumantri ngandhani adhine supaya muliha wae menyang pert

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh MasBayucakep dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Fri, 15 Apr 16