Urutna sesorah “Pengetan Warsa Enggal” ing ngisor iki supaya dadi

Berikut ini adalah pertanyaan dari unknown pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Urutna sesorah “Pengetan Warsa Enggal” ing ngisor iki supaya dadi sesorah kang runtut!1. Mugi sih wilasaning Gusti Ingkang Maha Welas lan Asih, karahayon, karaharjan, miwah katentreman, kajiwa kasatria waradin sagung dumadi.

2. Ingkang sepisan kula panjenengan pinaringan rahmat awujud nalar tuwin penggalih, satemah saged menggalih, saged nalar, saha saged ngemut-emut kedadosaniangkang kapengker lan ugi ingkang badhe kelampahan.

3. Saderengipun kula matur menggah wigatosing tanggap wacana ing dalu punika, sumangga tansah kula dherekaken ngunjukaken pula dalah puji syukur dhateng ngarsaning Gusti Ingkang Maha Kuwaos,ingkang sampun paring rahmat, hidayah, saha inayah satemah saged kempal manunggal kanthi wilujeng nir ing sambikala, amin.

4. Assalamualaikum Wr. Wb.

5. Para pinisepuh, sesepuh, saha aji sepuh ingkang kinabekten, sagung ibu-bapak ingkang kinurmatan, lan boten kesupen para kadang wredha myang taruna ingkang pantes sinudarsana.

6. Kaping kalih,kula panjenenan kaparingan hidayah saha kanikmatan awujud bagas kasarasan, mila kedah ngaturakenpanuwun dhateng Gusti Ingkang Akarya Jagad. Kaping tiganipun ugi pinaringan raos ayem tetrem, tuwin panjang yuswa, satemah saged ngraosaken endah saha edining kawontenan donya.

7. Wasana pinangka pada purnaning atur, numpak sepur mandhap peken Wonogiri, keladuking atur nyuwun pangaksami.

8. Wassalamualaikum Wr.Wb.

9. Para lenggah kakung sumawana putri ingkang luhur ing budi, warsa 2008 sampun kapengker, kula panjenengan boten saged wangsul malih dhateng warsa punika. Ugi sedaya tumindak sae punapa dene awon ingkang sampun kalampahan, boten badhe saged wangsul malih. Inggih awit paring rahmatipun Gusti awujud nalar, kula panjenengan saged milah-milahaken saha nintingi menggah sae lan botenipun tumindak ingkang sampun kapengker. Kanthi mekaten tumindak ingkang kirang prayogi ing warsa kapengker, saged kula panjenengan singkiri ing warsa enggalpunika. Wondene tumindak kasaenan perlu kula panjenengan subur-ngembakakaken.


Tolong dijawabb butuuhhh

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban:

4-3-5-2-6-9-1-7-8

Penjelasan:

semoga membantu:)

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh armizanevi426 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Thu, 10 Jun 21