1. Tembang macapat uga diarani… a.tembang cilik

Berikut ini adalah pertanyaan dari anavabayu123 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

1. Tembang macapat uga diarani…a.tembang cilik c.tembang tengahan
b.tembang gedhe d.tembang dolanan
2. Isine tembang Pucung iku lumrahe…
a.pitutur c.prihatin
b.asmara d.nesu banget

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban :

  1. Tembang macapat uga diarani tembang cilik amarga kalebet salah sawijining tembang Yasan/Miji kang penyusunanipun ngangge patokan dasar guru lagu, guru gatra lan guru wilangan.
  2. Isine tembang Pucung iku lumrahe pitutur miturut sifat-sifatipun tembang pocung.

Penjelasan :

"Pengertian Tembang"

Tembang yaiku salah sawijining kesenian Jawa kalebu jenis seni suara kang kawangun saking laras, nada lan irama. Tembang uga diarani sekar kang awujud karangan terikat kalih guru gatra, guru wilangan lan guru lagu.

"Jenis-jenis Tembang"

Tembang dikelompokake dadi 2 jenis, diantaranipun :

  1. Tembang Para, yaiku tembang awujud puisi ingkang nduweni aturan-aturan sederhana saking aturan lampah, guru gatra, guru wilangan lan guru lagu. Tuladha : Geguritan.
  2. Tembang Yasan/ Miji, yaiku tembang ingkang anduwe aturan tartamtu lan kudu dipunpatuhi. Aturan-aturanipun kayata ngenani lampah (ing tembang gedhe), guru gatra, guru lagu, guru wilangan (ing tembang tengahan lan tembang cilik).

=>Tembang Yasan/ Miji :

Sajroning tembang yasan dikelompokaken dados 3 jenis kang nduweni karakteristik utawa ciri-ciri kang beda :

  • Tembang Gedhe (Sekar Ageng) yaiku salah sawijining jenis tembang Yasan/Miji ingkang nduweni aturan lampah, kayata jumlahipun wanda utawa suku kata saben sagatra. Tuladha : Kusumastuti, Pamularsih.
  • Tembang Tengahan (Sekar Tengahan) yaiku salah sawijining jenis tembang Yasan/Miji ingkang nduweni aturan mboten komplek uga mboten sederhana. Aturanipun kayata guru lagu, guru wilangan, guru gatra. Tuladha : Jurudemung, Wirangrong, Balabak.
  • Tembang cilik (Sekar Alit) yaiku salah sawijining tembang Yasan/Miji kang penyusunanipun ngangge patokan dasar guru lagu, guru gartra lan guru wilangan. Tembang cilik uga diarani tembang macapat. Tuladha : Sinom, Dhandhanggula, Kinanthi, Pocung, lan sapiturute.

=>Tembang Macapat :

Tembang Macapat nduweni arti kang mboten namung setunggal, nanging akeh penafsirane. Macapat uga bisa diartikaken maca papat-papat (maca papat suku kata), maca-pat-lagu (maca lagu ke papat) lan liyane.

Jenis tembang Macapat lan Sifate :

1. Mijil (lair)

  • Sifat : prihatin, ngemurasa, lega.
  • Ciri-ciri : 10i - 6o - 10e - 10i - 6i - 6o

2. Maskumambang (kauripan sakwise lair)

  • Sifat : ngeres, nelangsa.
  • Ciri-ciri : 12i - 6a - 8i - 8o

3. Kinanthi (dikanthi-kanthi utawa diarahaken lan dibimbing)

  • Sifat : tresna, asih, seneng.
  • Ciri-ciri : 8u - 8i - 8a - 8i - 8a - 8i

4. Sinom (isih enom)

  • Sifat : grapyak.
  • Ciri-ciri : 8a - 8i - 8a - 8i - 7i - 8u - 7a - 8i - 12a

5. Dhandhanggula (tumuju dewasa)

  • Sifat : ngresepake, luwes.
  • Ciri-ciri : 10i - 10a - 8e - 7u - 9i - 7a - 6u - 8a - 12i - 7a.

6. Asmarandana (asmara dahana utawa geni asmara kang mbakar jiwa lan raga)

  • Sifat : kesemsem.
  • Ciri-ciri : 8i - 8a - 8e - 7a - 8a - 8u - 8a

7. Gambuh (gampang nambuh utawa acuh, ngrasa teguh, lan keminter. Mboten saged mbedakaken salah lan bener)

  • Sifat : semanak, lucu, guyon.
  • Ciri-ciri : 7u - 10u - 12i - 8u - 8o

8. Durma (munduring tata krama)

  • Sifat : galak, nesu.
  • Ciri-ciri : 12a - 7i - 6a - 7a - 8i - 5a - 7i

9. Pangkur (mungkur utawa ngrenungake sing sampun dilakokake ing jaman mbiyen)

  • Sifat : nepsu kang prihatin.
  • Ciri-ciri : 8a - 11i - 8u - 7a - 8i - 5a - 7i

10. Megatruh (megat ruh utawa putuse nyawa saka ragane manungsa)

  • Sifat : nglangut, getun.
  • Ciri-ciri : 12u - 8i - 8u - 8i - 8o

11. Pocung (pocong utawa tiyang ingkang sampun seda dibungkus kain kafan)

  • Sifat : ajaran/ pituduh, geguyon.
  • Ciri-ciri : 12u - 6a - 8i - 12a

»»»»»»»»»»»»»»»»»»»»»»»»»»»»»»

Pelajari lebih lanjut :

Tembang Sinom

Detail Jawaban :

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 8

Materi : Tembang Jawa, Tembang Macapat

Kode kategorisasi : 8.13

Kata kunci : Pengertian tembang, Jenis-jenis tembang, Jenis tembang macapat, Sifat tembang macapat, Ciri-ciri tembang macapat.

#Optitimcompetition

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh aischusniati15 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Tue, 07 Jun 16