Ukara basa ngoko ing ngisor iki owahana dadi ukara basa

Berikut ini adalah pertanyaan dari Bilqistsabitah051008 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Ukara basa ngoko ing ngisor iki owahana dadi ukara basa ngoko alus , basa krama madya lan basa krama alus.1. Kowe mau apa wis adus?
2. Bapak turu ana ing ruang tamu.
3. Anake Pak Agus ana telu.
4. Bu Shinta lunga menyang Surabaya.
5. Kowe lara apa?

Tolong bantuannya Kak​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Ngowahi ukara dadi ragam basa.

1. Kowe mau apa wis adus?

Ngoko Alus : panjenengan mau apa wis siram?

Krama lugu : sampeyan wau napa sampun siram?

Krama alus : panjenengan kalawau punapa sampun siram?

2. Bapak turu ana ing ruang tamu.

Ngoko Alus : bapak sare ana ing ruang tamu.

Krama lugu : bapak tilem wonten ruang tamu.

Krama alus : bapak sare wonten ruang tamu.

3. Anake Pak Agus ana telu.

Ngoko Alus : putrane pak Agus ana telu.

Krama lugu : yogane pak Agus wonten tiga.

Krama alus : putranipun pak Agus wonten tiga.

4. Bu Shinta lunga menyang Surabaya.

Ngoko Alus : Bu Shinta tindak menyang Surabaya.

Krama lugu : Bu Shinta kesah ten Surabaya.

Krama alus : Bu Shinta tindak dhateng Surabaya.

5. Kowe lara apa?

Ngoko Alus : panjenengan gerah apa?

Krama lugu : sampeyan sakit napa?

Krama alus : panjenengan gerah punapa?

__________________

Pembahasan

Unggah ungguh basa kaperang ana 4 :

1. BASA NGOKO LUGU

yaiku basa kang tembung tembunge nggunakake basa Ngoko lugu kabeh.

Titikane :

  • basane Ngoko kabeh
  • ater ater lan panambange ora dikramakake

Tuladha :

  • ibu tuku gula karo kopi
  • bapak budal menyang sawah

2. BASA NGOKO ALUS

yaiku basa sing tembung tembunge nggunakake basa Ngoko lan basa Krama.

Titikane :

  • tembunge Ngoko lan dicampur karo Krama
  • sing dikramakake yaiku ; tembung perangene awak, sandhangan sarta kriyane = kata kerjane)
  • ater ater lan panambange ora dikramakake

Tuladha :

  • ibu mundhut gula karo kopi
  • bapak bidal menyang sawah

3. BASA KRAMA LUGU

yaiku basa kang tembung tembunge nggunakake basa Krama lugu kabeh.

Titikane :

  • basane Krama
  • tembunge ora dicampur karo Krama Alus
  • ater ater lan panambange dikramakake

Tuladha :

  • ibu tumbas gendhis kaleh kopi
  • bapak bidal ten sabin

4. BASA KRAMA ALUS/ INGGIL

yaiku basa sing tembung tembunge nggunakake basa Krama alus kabeh, tanpa kecampuran basa Ngoko. Dadi basane luwih alus lan luwih ngajeni.

→ Titikane :

  • basane Krama Alus kabeh
  • ater ater lan panambange dikramakake
  • sing dikramakake yaiku : perangene awak, sandhangan lan kriya = kata kerjane)

→ Tuladha :

  • ibu mundhut gendhis kaliyan kopi
  • bapak bidal dhateng sabin

Detail jawaban

  • Mapel : Bahasa daerah
  • Kelas : 7
  • Materi : Unggah ungguh basa
  • Kode 13

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh Bongcha24 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Mon, 21 Nov 22