1.)``pak,kondure aja nganti kebengen Lho!'' ukara Iki mawa basa.......2.)"wis-wis-wis,Wiwit mau

Berikut ini adalah pertanyaan dari Anois9489 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

1.)``pak,kondure aja nganti kebengen Lho!'' ukara Iki mawa basa.......2.)"wis-wis-wis,Wiwit mau guyon wae ! Ayo ,gel Enggal digarap PR-e "! Mawa basa:.......
3.)tuladha basa krama Inggil (Krama alus) ...........
4.)ibu .....Adhik ,adhik banjur.... Bapak.
5.) Bapak..... Surabaya, adhik ndherek....Ugi.
6.) wekdal Budhe ....Kula...
7.) ......Punapa pirsa Yen pak lurah kita nembe seda.
8.) Mangga dipundhahar sekulipun, Kula ugi nembe kemawon............




Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

  1. Basa Ngoko Alus.
  2. Basa Ngoko Lugu.
  3. Dalemipun panjenengan wonten pundi?
  4. Ibu nimbali adhik, adhik banjur ngaturi bapak.
  5. Bapak tindak Surabaya, adhik ndherek kesah ugi.
  6. Wekdal budhe dhahar, kula tumut nedha ugi.
  7. Panjenengan punapa pirsa yen Pak Lurah kita nembe seda?
  8. Mangga dipundhahar sekulipun, kula ugi nembe kemawon nedha.

Penjelasan

{Unggah-ungguh basa Jawa}

Ngoko Lugu

» Wujud basane kanthi tembung-tembung ngoko kabeh ora kacampuran tetembungan krama.

  • Tuladha :

1. Aku mengko sore dolan menyang omahmu ya?

2. Nik, jupukna majalah sing ana ing meja kae!

3. Kapan ya aku nduwe sepedha montor?

4. Kowe arep menyang ngendi, Jo?

Ngoko Alus

» Wujud basane kanthi tembung-tembung ngoko nanging kacampuran tetembungan krama inggil sawatara. Dene tembung sing perlu dikramakake yaiku wonge, tumindake, lan barang kang dadi duweke.

  • Tuladha :

1. Pak, yen sida tindak Yogya, nitih bis wae!

2. Pak, panjenengan mengko sida mundhutke buku Toni?

3. Bu, yen arep siram kolahe wis dakkebaki lho!

4. Mas, yen kersa mengko dakampiri mriksani bioskop

Krama Lugu

» Wujud basane kanthi tembung-tembung Krama lugu ora dicampuri tetembungan Krama inggil apadene ngoko.

  • Tuladha :

1. Mangga, nak mlebet rumiyin.

2. Griya sampeyan pundi, Sri?.

3. Dipun entosi sekedhap nggih, Nak. Erni saweg adus.

4. Bapak sampeyan menapa estu nyambut damel wonten ing bank?

Krama Alus

» Wujud basane kanthi tembung-tembung Krama Alus kabeh ora kacampuran tetembungan Krama Inggil. Dene tembung sing perlu dikramakake yaiku wonge, tumindake, lan barang kang dadi duweke.

  • Tuladha :

1. Dalemipun panjenengan wonten pundi?

2. Bu, panjenengan dipundhawuhi eyang sowan mrika sakmenika.

3. Pak, kalawau pak Lurah tindak mriki madosi panjenengan.

4. Amarga sampun siyang, panjenengan sakmenika kedah dhahar wonten mriki

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 7

Materi : Piwulang 1 - Unggah-ungguh basa

Kata Kunci : Krama Alus, Ngoko Alus, Krama Lugu, Ngoko Lugu

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 7.13.1

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Wed, 23 Jun 21