UNGGAH-UNGGUH BASAUkara ngoko lugu iki owaha dadi krama alus!Tuladha:Ibu tuku

Berikut ini adalah pertanyaan dari innaramadhani9535 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

UNGGAH-UNGGUH BASAUkara ngoko lugu iki owaha dadi krama alus!
Tuladha:
Ibu tuku buku arep diwenehake dhik Titik.
ibu mundhut buku badhe dipunparingaken dhik Titik.
1. Bulik Nana ora weruh nalika aku lagi tuku sate.
2. Aku durung duwe buku, arep takuing Koperasi sekolah
3. Adhiku isih nonton karnafal durung bali.
4. Amir ngingu pitike rolikur, arep didol meneh.
S. Aku kok diundang Pak Guru arep dikon apa ya?
6. Dandung disrengeni Pak Bagya amarga mulih sadurunge bel.
7. Bulik Aminah muih piknik ing Malang, aku diwenehi apel.
8. Bapak olehe nonton bal-balan nganti jam 5 esuk.
g. Aku wis omong Bu guru yen ora bisa melu piknik
10. Bu Guru omong yen sekolah ora oleh nggawa hp

Tolong bantuannya, karena harus dikumpulkan besok!
Terimakasih ​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

1. Bulik Nana ora weruh nalika aku lagi tuku sate.

➡️Krama Alus : Bulik Nana mboten pirsa nalika Kula saweg mundhut sate.

2. Aku durung duwe buku, arep takuing Koperasi sekolah.

➡️ Krama Alus : Kula dereng kagungan buku, badhe mundhut dhateng koperasi sekolah.

3. Adhiku isih nonton karnafal durung bali.

➡️ Krama Alus : Rayi Kula taksih mirsani karnaval dereng kondur.

4. Amir ngingu pitike rolikur, arep didol meneh.

➡️ Krama Alus : Amir ngingah ayam kalehlikur, badhe dipun sadhe Malih.

5. Aku kok diundang Pak Guru arep dikon apa ya?

➡️ Krama Alus : Kula kok dipun aturi pak guru, badhe dipun utus menapa nggih?

6. Dandung disrengeni Pak Bagya amarga mulih sadurunge bel.

➡️ Krama Alus : Dandung dipun dukani pak Bagya amargi kondur sakderengipun bel.

7. Bulik Aminah muih piknik ing Malang, aku diwenehi apel.

➡️ Krama Alus : Bulik Aminah kondur piknik saking Malang, Kula dipun Paringi apel.

8. Bapak olehe nonton bal-balan nganti jam 5 esuk.

➡️ Krama Alus : Bapak anggenipun mrisani bal Balan ngantos jam gangsal enjing.

g. Aku wis omong Bu guru yen ora bisa melu piknik.

➡️ Krama Alus : Kula sampun matur Bu guru, menawi mbotennsaged nderek piknik.

10. Bu Guru omong yen sekolah ora oleh nggawa hp.

➡️ Krama Alus : Bu guru ngendikan menawi sekolah mboten pareng mbektho hp.

Penjelasan :

➡️ Unggah-ungguh basa ana 4 :

  1. Basa Ngoko
  2. Basa Krama

➡️Basa Ngoko ana 2 :

  1. Basa Ngoko lugu
  2. Basa Ngoko Alus

➡️Basa Krama uga ana 2 :

  1. Basa Krama lugu
  2. Basa Krama Alus

➡️Pitakon ing dhuwur nggunakake basa Ngoko diubah dadi basa Krama Alus

➡️Basa Krama Alus yaiku basa sing tembung-tembunge nggawe basa Krama Alus kabeh tumrap wong sing diajak guneman.

Detail Jawaban :

  • Mapel : Bahasa Daerah
  • Kelas : VII
  • Materi : Unggah ungguh basa
  • Kode : 13
  • Kode kategorisasi : 7. 13. 1

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh Bongcha24 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Mon, 17 May 21