Prandene Ki Ageng Sela, prasapa ingkang tan keni, ing satedhak

Berikut ini adalah pertanyaan dari tania28561 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Prandene Ki Ageng Sela,prasapa ingkang tan keni,
ing satedhak turunira,
nyamping cindhe den waleri,
kepindhone tan keni,
ing ngarepan nandur waluh,
wohe tan kena dhahar,
Panembahan Senopati,
Ingalaga punika ingkang prasapa.

Gawea gancaran saka tembang ing duwur!! ​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

>> Gancaran :

➡️ Ewa dene Ki Ageng Sela, dheweke ngucapake sumpah sing isine ora kena dilakoni marang anak keturunane. Sing kapisan yaiku ora kena nganggo kain cindhe. Sing kaloro, ora kena nandur waluh ing ngarep omah lan ora oleh mangan wohe waluh. Panembahan Senopati, ing Ngalaga dheweke ngucapake sumpah janji.

Penjelasan

Prandene Ki Ageng Sela,

prasapa ingkang tan keni,

ing satedhak turunira,

nyamping cindhe den waleri,

kepindhone tan keni,

ing ngarepan nandur waluh,

wohe tan kena dhahar,

Panembahan Senopati,

Ingalaga punika ingkang prasapa.

  • Tegese :

Dene Ki Ageng Sela,

Sumpahe sing ora oleh,

Ing anak keturunane,

ora kena nganggo kain cindhe,

sing kloro ora oleh,

nandur waluh ing ngarep omah,

wohe uga ora kena dipangan,

Penambahan Senopati,

Ing Ngalaga kuwi dheweke sumpah.

  • Kalebu tembang Sinom.

____________________

» Nggancarake tembang yaiku ngowahi tembang dadi prosa (karangan bebas tanpa aturan tartamtu).

Carane nggancarake tembang bisa kanthi nambahi tembung panggandheng, tembung katrangan, lan tembung liyane utawa ngurangi tembung sing ora perlu supaya isine tembang kasebut tambah jelas.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 7

Materi : Piwulang 6 - Macapat

Kata Kunci : Nggancarake tembang

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 7.13.6

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Sun, 11 Jul 21