1. Sapa Lesmana iku?2. Kepiye kahanane wana Dandaka?3. Sapa wae

Berikut ini adalah pertanyaan dari sajar4014 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

1. Sapa Lesmana iku?2. Kepiye kahanane wana Dandaka?
3. Sapa wae kang mapan ana wana Dandaka?
4. Sapa sejatine kidang kencana kuwi?
5. Apa panjaluke Sinta marang Prabu Rama?
6. Apa dhawuhe Prabu Rama marang Raden Lesmana?
7. Genea Dewi Sinta kuwatir?
8. Genea Raden Lesmana gerah penggalihe?
9. Ana ing ngendi Dewi Sinta kasil cinidra dening Prabu Dasamuka?
10. Apa ancase Kala Marica maujud dadi kidang kencana?​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

1. Lesmana yaiku Adhik kandhung Rama

2. Kahanane wana dhandhaka, adem, asri lan tenang sunyi.

3. Sing mapan ana wana dhandhaka yaiku Rama, Dewi Sinta lan Lesmana.

4. Kidang kencana yaiku wujudane raseksa Kalamarica kancane Rahwana.

5. Penjaluke Dewi Sinta marang Rama yaiku supaya nyekel Kidang kencana sing endah wulune.

6. Dhawuhe Prabu Rama marang Raden Lesmana yaiku supaya njaga Dewi Sinta lan aja nganthi ninggalake Dewi Sinta apa wae kahanane.

7. Dewi Sinta kuatir amarga krungu swara kang njebut jenenge sing dikira swarane Rama.

8. Raden Lesmana gerah penggalihe amarga Kalamarica kesengsem karo dheweke.

9. Dewi Sinta kasil dicidro dening Rahwana ana ing wana dhandhaka.

10. Kalamarica maujud dadi kidang kencana amarga dikongkon karo Rahwana, amarga Rahwana pengen nduweni Dewi Sinta.

Pembahasan :

Prabu Ramawijaya ora Sida dadi raja ngganteni Ramane yaiku Prabu Dasarata, lan justru dibuwang kongkon ngumbara ibu kwalone yaiku Dewi kayeki ing wana dhandhaka suwene 13 taun.Rama lan Sinta uga dikancani karo adhine sing setya yaiku Raden Lesmana.

Ing satengahing wana dhandhaka, Rama, Sinta lan Lesmana ketemu kidang emas kang apik wulune, banjur Sinta ngongkon supaya Rama nyekel Kidang mau.

Kidange saya suwe saya mlayu ngedohi Sinta lan Lesmana mlebu ing tengah alas.

Rama kasil manah kidang mau, lan kidang mau banjur njerit kelaran. Jeritan mau krungu Dewi Sinta lan Lesmana, dikira swarane Rama, Dewi Sinta banjur ngongkon Lesmana supaya nyusul Rama.

Amarga dipeksa, Lesmana nyaguhi nanging sakdurunge ninggalake Dewi Sinta, Lesmana gawe bunderan supaya Dewi Sinta ora metu saka garis sing digawe mau.

Detail Jawaban :

  • Mapel : Sejarah
  • Kelas : 11
  • Materi : Perjuangan Daerah di Indonesia
  • Kode kategorisasi : 11. 2. 3

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh Bongcha24 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Sat, 03 Jul 21