temtokna wewaton tembang macapat kinanthi​

Berikut ini adalah pertanyaan dari bokehinata pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Temtokna wewaton tembang macapat kinanthi​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

➡️ Wewaton Kinanthi :

  1. Guru gatra : 6
  2. Guru lagu : u, i, a, i, a, i
  3. Guru wilangan : 8, 8, 8, 8, 8, 8

Penjelasan

{Macapat}

Macapat kerep dijarwakake minangka maca papat-papat awit carane maca pancen rinakit saben patang wanda.

» Paugeran/Wewaton Macapat :

Macapat yaiku tembang utawa puisi gagrag lawas kanthi paugeran-paugeran tartamtu, yaiku nduweni guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu kang dadi paugerane/wewatone.

  1. Guru gatra yaiku cacahing gatra/larik ing saben pada (bait).
  2. Guru wilangan yaiku cacahing wanda (suku kata) ing saben gatra.
  3. Guru lagu yaiku tibaning swara (a,i,u,e,o) ing pungkasane gatra.

{Tuladha Tembang Kinanthi}

Padha gulangen ing kalbu (8u)

Ing sasmita amrih lantip (8i)

Aja pijer mangan néndra (8a)

Kaprawiran dèn kaèsthi (8i)

Pesunen sariranira (8a)

Sudanen dhahar lan guling (8i)

  • Tegese :

Bareng-bareng nglatih ing ati,

ing pratandha supaya pinter,

aja mung mangan turu,

sikap ksatria di eling-eling,

gatekna awakmu,

kurangana mangan lan turu.

>> Watak Kinanthi : Watake seneng, tresna asih, mituturi nuladani, lumrah kanggo menehi pitutur lan crita kang nelakake rasa tresna asih.

>> Sasmita : kinanthi, kanthi, gandeng, kanthil.

Waca maneh

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 8

Materi : Piwulang 6 - Macapat

Kata Kunci : Wewaton Kinanthi

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 8.13.6

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Sun, 06 Jun 21