bantuin saya Sedih;)bantu temen temen ku:);^​

Berikut ini adalah pertanyaan dari muhammadnavis471 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Bantuin saya Sedih;)
bantu temen temen ku:);^​
bantuin saya Sedih;)bantu temen temen ku:);^​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

2). Palang mangan tandur.

Ukarane : Dadi wong aja kaya palang mangan tanduran mbarai ora dipercaya maneh.

3). Kebo lumumpat palang

Ukarane : Yen mutusake perkara aja sak karepe dhewe, aja dadi kebo lumumpat palang.

4). Sendhakep ngawe awe

Ukarane : Rudi didukani Ibuke amarga mbolos sekolah, jarene kapok ternyata malah dina iki mbolos sekolah neh malah dolan ing warnet, dasare bocah sendhakep ngawe awe.

5). Nglungguhi klasa gumelar

Ukarane : Daffa iku bocah sing ngglungguhi klasa gumelar, senenge nyonto pas ujian nanging ora gelem sinau.

6). Ajining dhiri saka lathi

Ukarane : Yen ngomong sarwa dijaga, amarga ajining dhiri saka lathi.

7). Kebo nusu gudel

Ukarane : Bu Sri njaluk warah anake carane nggunakake hape. Bu Sri kuwi kebo nusu gudel.

8). Asu arebut balung

Ukarane : Aja tukaran wae kaya asu arebut balung.

9. Ula marani gepuk

Ukarane : Wis dilarang mangan sing pedes-pedes kok jik ndableg. Mengko nek wetenge lara sambat. Dadi wong kok ula marani gepuk.

10). Tuna satak bathi sanak

Ukarane : Bulik Katmi mbantu Mbak Yanti mbayari utange. Amarga kedadean kuwi, Mbak Yanti karo Bulik Katmi dadi wong sing akrab banget. Bulik Katmi kuwi tuna satak bathi sanak.

Pendahuluan

» Paribasan

Yaiku unen-unen ajeg panggonane tegese wantah ora ngemu surasa pepindhan.

» Bebasan

Yaiku unen-unen ajeg panggonane ngemu surasa pepindhan sing dipindhahake sipate wong.

» Saloka

Yaiku unen-unen ajeg panggonane ngemu surasa pepindhan kang dipindhahake wonge.

Pembahasan

2. Palang mangan tandur

Tegese : Wong kang dipercaya njaga malah gawe rusak barang sing dijaga.

3. Kebo lumumpat palang

Tegese : Mutusake perkara nanging ora nganggo wewaton.

4. Sendhakep ngawe awe

Tegese : Mareni tumindhak ala nanging kepengin mbaleni maneh.

5. Nglungguhi klasa gumelar

Tegese : Nemu kepenake wae tanpa melu rekasa.

6. Ajining dhiri saka lathi

Tegese : Kepribadiane manungsa didelok saka Iambene.

7. Kebo nusu gudel

Tegese : Wong tuwa njaluk wuruk marang wong enom.

8. Asu arebut balung

Tegese : Rebutan barang sepele.

9. Ula marani gepuk

Tegese : Njarag marani bebaya utawa bahaya.

10. Tuna satak bathi sanak

Tegese : Rugi bandha nanging bathi paseduluran.

Detail Jawaban

  • Mapel : B. Daerah
  • Kelas : Vl SD
  • Materi : Piwulang 3 - Pangerten paribasan, bebasan lan saloka
  • Kode soal : 13
  • Kode kategorisasi : 6. 13. 3

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh Bongcha24 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Fri, 14 May 21