Supaya Dadi Kebiasaan Nyegah Mangan Lan Turu Lan Ojo Seneng-seneng

Berikut ini adalah pertanyaan dari sabulputra3 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Supaya Dadi Kebiasaan Nyegah Mangan Lan Turu Lan Ojo Seneng-seneng Nanging Sauntara Wae, Jalaran Wong Seneng-seneng Iku Ala Marakake Sudha Prayitnane AtiUbah Ke Bahasa Jawa Krama Alus

#TolongBantuKak...​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

➡️ Supados dados kalimrahan, nyegah dhahar lan sare, lan ampun remen-remen, nanging sauntara mawon, amargi tiyang remen-remen punika, awon ndamel kirang prayitnaning penggalih.

Penjelasan

Dadiya lakunireku

Cegah dhahar lawan guling

Lawan aja sukan-sukan

Anganggoa sawatawis

Ala watake wong suka

Nyuda prayitnaning batin

  • Tegese (Ngoko} :

Supaya dadi tumindakmu,

Ngurangi mangan lan turu,

Aja seneng foya-foya,

Nganggoa nanging kira-kira,

Ala watake wong sing seneng-seneng,

Ngurangi rasa waspada ing batin.

  • Tegese (Krama) :

Supados dados tumindak panjenengan,

Nyegah dhahar lan sare,

ampun remen foya-foya,

angsal ngagem nanging kinten-kinten,

awon watakipun tiyang kang remen-remen,

Ngirangi raos waspaos ing batin.

>> Tembung angel :

  1. Dhahar = mangan.
  2. Guling = turu.
  3. Sawetawis : Kira-kira.
  4. Guling : Turu.
  5. Lakunireku : Amalanmu, tumindakmu.
  6. Asukan-sukan : Foya-foya

Waca maneh

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 8

Materi : Piwulang 6 - Serat Wulangreh

Kata Kunci : Krama Alus supaya dadi kebiasaan nyegah lsp

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 8.13.6

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Mon, 28 Jun 21